Kamis, 27 November 2014

Kawi - Jarwa

Kawi - Jarwa, Dirjasupraba, 1931, #1263

Katalog:Kawi - Jarwa, Dirjasupraba, 1931, #1263
Sambung:-
--- [0] ---
Bausastra: Kawi-Jarwa
Dening Radèn Dirjasupraba
Cap-capan sapisan
Isinipun: 1. Bausastra (Ha - Nga), 2. Pratelan namining kewan-kewan, 3. Namaning peranganing badan, pangangge sarta rêrêngganing badan, 4. Namaning têtuwuhan, sêsêkaran, sarta woh-wohan.
Bukhandêl S.M. Diwarna, Kuthagêdhe saha Mataram
No. 21-B, Rêgi F ...
--- [0] ---
[Iklan]
--- 1 ---
Bausastra Kawi-Jarwa sarta Pathibasa Kawi-Jarwa
Isinipun ± 3000 têmbung, anggitanipun Radèn Dirjasupraba. Cap-capan sapisan, 1931 Musnèng batang angèsthi wiji[1]
Isinipun: 1. Bausastra (Ha - Nga), 2. Pratelan namaning kewan-kewan, 3. Namaning peranganing badan, pangangge sarta rêrêngganing badan, 4. Namaning têtuwuhan, sêsêkaran, sarta woh-wohan. Kawêdalakên dening:
[Grafik]
--- 2 ---
...
--- 3 ---
Bausastra Kawi - Jawi

Ha
a = hora, tanpa.
aom = hom, nênêkung, tapa, pahomman, patapan, pamujan.
anala = gêni, ati.
analana = dolanan, dolan, dolan-dolan.
analika = nalika: niti priksa, maspadakake.
ananta = tanpa watês, tanpa wêkasan, ula gêdhe bangêt.
anitya = langgêng.
anila = angin.
anih = lumuh, suthik.
anindha = linuwih, ngluwihi.
anung = nung: kuwasa, pintêr, linuwih, anak anung: anak kang pintêr bangêt, paranung-anung: para pintêr, para linuwih.
anwam = anom.
anya = ana.
--- 4 ---
anyang = boyongan.
acala = cala: gunung.
anauti = anauti: cacing.
ari = dina, adhi, arinta, rinta: adhimu.
arina = kidang.
ariyak = alun.
aris = alon, sarèh.
arimong = rimong: macan.
are = bodho.
arok = awor, têmpuh, angrok, ngrok: nêmpuh.
aru-ara = horêk, gègèr, sasaran.
arus = pantês, ili, arusan: banyakan, tan arus: ora pantês.
arum = wangi, lêgi, wadon.
arêgud = nyêbrak, nyêndhal.
akasa = kasa: langit, awang-awang.
aking = garing.
adiraja = sabar, sugih pangapura.
--- 5 ---
aditya = srêngenge.
ata = sigêg.
atanapi = tanapi: utawa, sarta, apadene.
atakara = teja.
atap = tumpuk, sungsun, undhung.
atag = akon, prentah.
atis = adhêm, matis: krasa adhêm, kadhêmên.
atri = tri: rame, têlu.
atruh = truh: udan, trutruh: udan ricik.
asa = pawadonan, kuwat, rosa.
asada = ilat.
asung = sung: awèh, wèwèh.
asrêt = alot.
asrama = tapa. pasraman: patapan. ngasrama: lagi tapa, manggon ing patapan.
awanda = pêtêng.
awinda = padhang.
--- 6 ---
awiyat = awang-awang. ngawiyat: ing awang-awang.
awig = bêcik, bisa.
awran =[2] mêndhung.
awun-awun = ampak-ampak.
alaya = jahe.
alwang = kalong.
aliwawar = prahara.
apan = pan: awit, tur, sanajan.
apituwi = utawa.
apus = tali, pring apus: pring tali, apus buntut: tali buntut.
adhing = jodhang.
ajar = pandhita, nujum.
aji = ratu.
aywa = ywa: aja.
ayu = bêcik, slamêt.
ayun = arêp, kêpengin. pangayunan: ngarêpan.
anyut = kèli, larut.
--- 7 ---
ama = pasu, wari.
amah = murka, alu amah: kamurkan.
amla = mla: kêcut.
amit = pamit.
amrik = wangi.
amêm = antêng, mênêng.
amrêta = tômba, banyu urip.
agra = gra: pucak, pucaking gunung.
agya = gya: enggal, kasusu, banjur.
agung = gung: gêdhe.
agêr-agêr = ganggêng.
abi = luwih, baris, abirawa, birawa: muruh, luwih rowa, abi sêtiya têmên bangêt, abi mana linuwihing ati, abi sama, bisama wicaksana.
abra = bra: warata, gumêbyar, ambranang.
anging = nanging, mung.
anguwuh = surak, ambêngok.
angrês = wêdi, miris, giris.
--- 8 ---
andaka = banthèng.
andaga = mancal, ambalela, anjêjak.
andini = sapi.
andimapa = mokal, nglêngkara, kaandimapan kamokalan.
andon = nêba.
andupara = dupara: mokal, nglêngkara, bobat.
andulu = andêlêng, nonton.
andul = sungsun.
andrawina = sênêng-sênêng ngombe.
anta = wêkasan, luwih.
antah = êmbuh.
antanu = mangsi.
antarala = awang-awang.
antar = lantas, bantas.
anti = manganti, nganti, ngêntèni.
antuk = olèh.
antêlu = êndhog.
--- 9 ---
antya = luwih. kaantiyan: kaluwihan.
andhah = asor, andhahan: sorsoran.
andhali = tiba, mantiyung, tumêlung.
andhêm = rungkêp, kandhêm: krungkêb, ngandhêmi: nyungkêmi, ngrungkêbi. andhêman: rungkêban dhadhane kidang jaran utawa liyane.
anthok = tlakup.
arcamana = raup.
arka = hyang arka: srêngenge.
arkamaya = teja, banyu mandi.
arda = murka, luwih, bangêt. rôga-tiharda: lara bangêt. ardawalepa: ambalèkake ujar.
ardana = rêdana: dhuwit.
ardawalika = ula.
ardi = gunung.
arta = dhuwit. hartana: ênggon dhuwit, tukang nampa dhuwit.
artati = lêgi, luwih.
artala = madu.
--- 10 ---
arti = sumurup, têgês.
arsa = arêp, bungah.
arsaja = anak pambarêp.
arsaya = bungah. kaharsayan: kabungahan.
arpat = klumpuk. marpat: nglumpukake.
arja = rêja, têntrêm, slamêt. raharja: slamêt. karaharjan: kaslamêtan.
arjana = kaslamêtan, bêcik.
arjuna = jêmbangan, banyu jêmbangan.
aryana = budi.
aryas = watu, intên.
arga = gunung.
argya = kurmat. pahargyan: pakurmatan.
aksara = gêgaman.
aksama = apura. pangaksama: pangapura.
atma = atmaja, anak.
atmaka = mati, nyawa.
ascarya = eram, gumun.
--- 11 ---
astana = kuburan, kraton.
astati = rayap.
astani = bantal.
astawa = sêmbah, bêkti. umastawa, ngastawa: ngabêkti. pangastawa: pangabêkti.
astama = sênêng-sênêng.
astra = gêgaman, astrawara: panah.
asti = gajah.
astuti = astutiya, sêmbah, bêkti. pangastuti: pangabêkti.
asmana = pikat.
asmara = sêdhih, sêngsêm. kasmaran: kasêngsêm, asmaradana: nêngsêmi. asmaranala: sêngsêming ati. asmaralaya: suwarga. asmaragama: sêngsêming sanggama.
astha = wolu, bahu.
asthaga = wolu, angus.
asthi = sêdiya, gajah, hastina: ênggon gajah.
alpa = kurang, tuna.
--- 12 ---
apsara = dewa.
apsari = widadari.
hyang = dewa, hyang brahma, hyang siwah, hyang hiswara, hyang sri lan liya-liyane.
ancala = cala: gunung.
ancur = ajur.
anculan = kala.
ancêm = pola.
anjana = gajah.
anjrah = warata, sumêbar.
anjrêm = anjêrum.
ampang = ènthèng.
ampeyan = pinggir, sikil. garwa ampeyan: garwa paminggir.
amba = kula.
ambahak = ngrayah, anjarah rayah.
ambawang = pakèl.
ambar = ngambar: wangi, sumêbar, sumrambah.
--- 13 ---
ambartala = ara-ara.
agna = kaku.
agni = hyang agni: gêni.
angkya = aku.
angkara = gumêbyar, luwih, murka. angkaramurka: murka, luwih murka. mangkara-kara: gêbyar-gêbyar.
angkus = êcis.
angkên = upama, pindha.
angsa = ôngsa: banyak.
angsaka = mungsuh, satru.
angga = awak, wujud, upama.
anggana = ijèn, ayu.
anggara = dina Salasa.
anggas = walang, gadhing, ibêr-ibêran.
anggarjita = anggagas, ngangên-angên, ngeling-eling.
anggarbini = mêtêng, ngandhêg.
anggop = towong, kêndhat.
--- 14 ---
anggung = tansah.
anggi = bumbu.
ina = cacad, kuciwa, nistha.
ira = intên.
irawati = angin gêdhe, gêtêr-patêr irawati: prahara.
irah = jêroan.
ikanang = kang.
iku = buntut.
iti = êntèk, rampung, wêkasan.
itina = sigêg, lèrên.[3]
ituwa = luwing.
itêm = irêng.
ile = anèh, kumaki.
iluta = arih-arih. miluta: ngarih-arih.
iswara = ratu.
inyang = biyung.
ima = imawan: mega.
--- 15 ---
indriya = ati, rasa, pôncaindriya: rasa lima.
indupati = rêmbulan.
inte = injên. nginte: nginjên. juru panginte; mata-mata, têlik.
ir = intên.
istadha = bathuk.
imbal = gênti, nyêlani.
ingsun = aku.
ingwang = aku.
inggut = lirik. nginggut: nglirik.
inggong = ngong: aku.
èni = pèni.
ènu = rêmbulan.
erang = isin, wirang. ngerang-erang: ngisin-isin, mirang-mirangake, gawe wirang.
èrêm = cêplok.
eka = siji, ijèn.
etu = mula, hetun: hetuniyo, hetuni: mulane, sêbab saka iku.
--- 16 ---
ewrên = horêg, gègèr.
epya = repot. kaepyan, karepotan.
èmêng = pêtêng, susah, sêdhih.
endra = ratu, linuwih, endraloka: jagat linuwih, kayangan, kadewan, suralaya, endrapada, endrabawana.
endung = mega.
endhan = gila.
endhe = tamèng.
hèr = har: banyu. hèrnawa: sagara. hèrtati: udan.
èksa = waspada.
èstha = upama, karêp, sêdhiya.
èsthi = karêp, sêdhiya, gajah.
onêng = kangên, mangonêng: kangên, sêdhih.
ota = piranti, pasangan, adon-adon.
otêr = gègèr, horêg.
ojat = suwur. kojat: kasuwur.
opya = alok.
--- 17 ---
ôndakara = srêngenge.
ôntakara = srêngenge.
ôntarapura = kraton.
or = ahor, gêtar.
oncom = tempe bosok.
oncong = colok.
ompak = ganjêl.
una = linuwih. wisa una, wisuna: wisa linuwih, wisa mandi.
uni = nguni: biyèn.
uninga = wêruh, gêni.
unu = kècèr, kicir.
unar = suwur.
ucup = lêpas. ingucup: dilêpasake.
uradati = anggêgirisi.
ure = udhar, ucul.
uruh = unthuk. muruh: kaya unthuk.
urus = tata, bênêr.
--- 18 ---
ukip = ulap. ukipên: sulap.
ukup = sabuk.
uda = banyu.
udara = dara. dhara: wêtêng.
udaka = banyu.
udakara = kira-kira.
udanagara = tata-krama.
udaya = sagara.
udyana = taman.
udrasa = tangis.
udani = wêruh. atur udani: awèh wêruh. ngudanèni: mêruhi, nyumurupi.
uta = lintah.
utara = lor. ngutara: ngalor, ing lor.
utari = mangkono, mangkana.
utawaka = gêni.
utamangga = êndhas.
--- 19 ---
utêr = bundêr.
usara = êbun.
usada = usadi: jamu, tômba.
uswa = ambung. nguswa: ngambung. kinuswa-kuswa: diambungi.
uswasa = swasa: ambêkan.
uwun = wurung.
ulinga = nêpsu bangêt.
ulu = êndhas. swara, ulon: swara, uni, têkèk mati ing ulone: paribasan: mati saka swarane (gunême) dhewe.
ulun = kula, kawula.
upa = êlas. saupa: saêlas.
ujana = udiyono: taman.
ujwala = sorot, gêbyar, cahya. ngujwala: sumorot.
uji = dadar, lèlèr.
ujung = pucuk, pinggir, pongol. ujungan: pucukan.
ujêl = wêlut.
unya = uniya: uni, munya. munia: muni.
--- 20 ---
umarah = ngangkah, golèk.
umi = wiji, biyung.
umiyat = miyat: andêlêng, nonton.
umyar = angon, ngawat-awati.
umyus = midit, sumilir.
umyung = rame.
ubaya = jangji. cidra ing ubaya: cidra ing jangji.
uthuh = lalêr. nguthuh: kaya lalêr.
untar = wudun.
untung = bêgja.
undhagi = pintêr, wasis.
undhan = pancikan, pancadan.
udsaha = usaha: panguripan, upajiwa: ngudsaha: anggaota, nyambut gawe.
usnipah = tutup gêlungan.
ungkih = angkah. ngungkih: ngangkah, marsudi.
ênu = dalan. ing ênu: ing dalan.
--- 21 ---
êla = eman, puji. ela-ela: eman-eman. ingela-ela: didama-dama, dieman-eman, diugung.
êntar = begal. ngêntar: ambegal. kaêntar: kabegal.
êntyar = êntèk.
ênting = êntèk, katog. ngênting: ngêntèk, ngêtok. êntingan: êntèk-êntèkan, pungkasan.
êrdawa = mangsi.
ênjali = sêmbah, bêkti. ngênjali (mangênjali): nyêmbah, ngabêkti.
Na
nahên = nandhang, mangkene, ngampêt, nahan. nahênkung: nandhang susah. nahênwaspa: nahan êluh.
nauti = anauti: cacing.
naraca = traju.
nara = wong lanang.
nari = wong wadon.
naraiswara = naradipa, naradipati, naradipatiya, narapati: ratu.
--- 22 ---
narawôngsa = turuning ratu, trahing ratu.
narawung = ambarêng. narawungi: ambarêngi.
narèswari = ratu putri.
narendra = ratu.
naki = iki.
nakoda = nangkoda: sudagar alaku prau.
nadi = kali, bêngawan, sagara.
nadukara = manadukara: anjurungi.
nadya = bêbayu.
nata = ratu.
natin = nglirik.
natar = latar.
nasa = dewa.
nasika = irung.
nasun-ya = nasunya: suwung.
nawa = padhang, sanga.
nawala = layang.
--- 23 ---
nawung = nganggit. sinawung: dianggit.
nala = ati, gêni.
nalika = niti priksa, maspadakake.
napang = nabok.
naya = nayana: ulat, polatan.
nayaka = pangarêp, panggêdhe, têtunggul. nayakaningrat: kangjêng nabi Muhammad. nayaka waktra: patih.
nayadi = sumèh.
nayogyani = ngrujuki, anjurungi.
naga = ula. nagapati, nagaji, nagaraja, nagendra: ratuning ula.
nabi = wudêl.
nanda = êlèng.
nandi = bayu.
nanta = watês, wêkasan. ananta: tanpa watês, tanpa wêkasan.
narpa = ratu. narpa dayita, narpa duita, narpa umi, narpa wadu: ratu putri.
narpati = ratu.
--- 24 ---
narmada = kali.
natpada = nonton, ngabêkti.
natmata = nonton, maspadakake, namatake.
nasthaka = lingir.
nambak = ambêndung.
nampeka = nêlik.
nambrama = ambagèkake. panambrama: pambage.
nambula = nginang.
nangkil = seba, ngadhêp.
nanggulang = ngêndhak, nyêgah, ambalèkake.
nrang = nêrang. manrang: nrajang, nêmpuh.
nihan = niyan: mangkene, mangkono, mangkana.
nikanang = kang.
nikèn = wong wadon.
niditya = linuwih.
nitra = nulis, mata.
nitya = nitiya: ulat.
--- 25 ---
nityasa = netiyasa, sanetiyasa: tansah.
nitêh = ulêr.
nisaka = rêmbulan.
niwata = newata: panganggo.
nila = angin, biru, manik. nila warsa: udan angin. nila pracandha: angin pangabaran.
nilakrama = takon.
nilap = nyilip, andhêlik, nyidra.
nilip = nyilip, andhêlik, nyidra.
nipuna = nimpuna: nglumpuk, mumpuni.
nidhikara = muji.
niyata = yêkti, nyata.
niyasa = langgêng.
ningêp = nyaput.
nindya = linuwih. nindya mantri: mantri linuwih, patih.
nindi = midih.
nindita = pintêr, linuwih. anak anung aninditi:[4] anak kang pinter bangêt.
--- 26 ---
ninta = andhêmêni.
nindha = narub, mayu.
nir = ilang, êntèk, tanpa. nirdeya: tanpa gawe. nirhantara, nirantara: tan pêgat, ora kêndhat, ora lêt, tansah. nirrasa, nirasa: tanpa rasa.
nirlaba = tuna.
nis = ilang, tanpa, ora ana.
niscaya = masthi, tan kêna ora.
niskara = saniskara: samubarang, barang-barang.
neka = warna. neka-neka, neka warna, maneka warna: warna-warna, rupa-rupa.
netra = mata.
netyasa = sanetyasa: tansah.
nendra = turu.
nono = mangkono, mangkana.
nor = ngasor.
non = dêlêng. panon: pandêlêng.
nuning = andêlêng, nonton.
nuraga = digdaya, pêngpêngan. kanuragan: kadigdayan.
--- 27 ---
nukarta = nyruwe, ngaru biru, nyikara.
nuding = ngutus.
nusa = nuswa: pulo.
nuswapada = donya, jagad.
nugraha = bêgja, ganjar. kanugrahan: kabêgjan. sinugraha: diganjar.
nung = pintêr, linuwih.
nênêr = tètès.
nêrês = nugêl.
nêlahi = madhangi.
nêbah = tlapukan, kêlud.
nêmbah = nyêmbah.
nênggih = inggih.
Ca
cacata = gludhug.
cacak = coba, jajal.
--- 28 ---
carana = athi-athi, urang-uranging mata.
caraka = utusan.
carat = pancuran, mancur.
cakil = canthèlan.
cakra = bundêr, buwêng. cakrawati: jagad bundêr, buwênging jagad. cakrawala: bundêring langit.
cakarwa = mliwis putih.
catur = papat, araning dolanan.
cawaca = cuwaca: padhang bangêt.
cala = nistha, gunung, anjarag, calaina: cacad nistha, picak.
calimi = cukup. mantu calimèn: mantu sacukupe.
capa = gandhewa.
caga = bêburon.
canga = lombok.
canguk = têlik, mata-mata.
candu = lalar, pathi.
candhala = ala.
--- 29 ---
canthoka = kodhok.
canthang = kêprak.
car = mlaku. carraka, caraka: wong kang gawene mlaku, kongkonan.
carya = ascarya: gumun, eram.
carma = kulit, walulang.
carmin = pangilon.
caksu = caksuh: suluhan, urêng-urênging mata.
cancala = obah, polah.
campah = pênggak.
cambul = cêmêthi.
cangkrama = dolan-dolan, amêng-amêng.
ci = kali.
citra = warna, rupa, tulis, juru panitra: juru tulis, juru nulis. cinitra: tinulis.
cintya = bêcik, ayu. acintiya: panggêdhe.
cintaka = manuk cêkaklak.
cintra = cacad. cintraka: cilaka, sangsara.
--- 30 ---
cinthaka = bilai.
ceda = cacad. cineda: dicacad.
coli = culi: towok, kudhi.
côndra = rupa, sasi, rêmbulan. yuswa wolung côndra: umur wolung sasi. candra sangkala: taun rêmbulan, taun kang manut lakune rêmbulan.
cuni = ilang, panunggul (ali-ali suwêng).
cucuh = cocoh, suduk.
cucur = manuk kêdhasih.
curiga = kêris.
cumanthaka = kumlungkung, kumaki.
cundaka = têlik. cumandaka: nêlik.
cumbu = bali.
cêla = cacad.
cêdhis = lêthêk, andharidhis.
cêguk = busuk.
cêndhani = cêndhana.
cêmbing = jenggot.
--- 31 ---
crêmih = juwèh.
cêthèthèt = kêcipir.
Ra
rana = pêrang, paprangan. trining rana: gêni paprangan. kasambut madiyaning rana: mati pêrang, mati ing paprangan.
ranu = banyu. singa ranu: baya.
rara = prawan.
raras = runtut, bêcik, asri, laras.
raditya = srêngenge.
rata = kreta, tunggangan. rata gothaka: kreta gêrbong, kreta pêtêng, kreta tutupan.
rati = ratih: rêmbulan.
ratri = latri: bêngi.
ratuh = hratuh: lumut.
rasa = nênêm, kaya, upama.
rasika = bungah, suci, bêning.
--- 32 ---
rasêksa = buta lanang.
rasêksi = buta wadon.
rawi = srêngenge.
rawan = mêndhung.
rawanda = rondha.
rapa = lapa: luwe.
rapuh = lara, susah, lêsu.
rajatadi = raja brana, barang mas intên.
rajah = ciri, tulis.
raya = gêdhe. riyaya, riaya: dina gêdhe.
rayung = glagah.
ramaja = bajing.
ramya = rame.
ramon = sarah, kambang, bantên.
raga = awak, wadhah.
ragi = bumbu. paragiyan, pragèn: ênggon bumbu, wadhah bumbu, bumbon.
--- 33 ---
rago = êlèng, guwa.
rabasa = rusak. nrabasa: ngrusak. rinabasa: dirusak.
rangas = giras, galak.
rangin = laras, dhadhap.
rangu = gajêg. rangu-rangu, kapirangu: gajêg-gajêg, gojag-gajêg.
rahsa = wadi, rasa.
rantan = tata, rancang.
randhi = mênjangan, ranggah.
randhêh = randhu.
raksasa = buta, buta lanang.
raksasi = buta wadon.
rat = jagad.
rancang = ukir. trancangan: ukiran.
ranji = kranjang.
ranju = borang.
rambi = èmpèr.
ranggon = gubug.
--- 34 ---
ri = dina, adhi. rinta: adhimu.
rini = wadon. siswa rini: murid wadon.
ririh = alon, sarèh.
riris = udan.
risakan = kiring.
risaksana = nuli, tumuli.
riwe = kringêt.
rimong = macan.
riba = ruba: pawèwèh, bêsêl, kamelikan.
ringa = duga. ringa-ringa: duga-duga, kira-kira.
ringan = maringan: ènthèng.
rimbit = jodho. sarimbit, srimbit: sajodho, sakaloron, sakalian.
rimbon = simpênan. parimbon, primbon: simpênan, pasimpênan, buku simpênan.
rimbu = simpênan. parimbon, primbon: buku simpênan.
ringgahan = kandhang.
rena = biyung.
--- 35 ---
rewônda = kêthèk.
regoh = lumpuh.
rota = galak. rotadanawa: buta galak.
rowangga = bawera.
roga = lara. roga tiharda: lara bangêt.
robaya = pantês, mêngko.
rontaka = bêndhe.
rondhon = godhong.
rok = têmpuh, trajang. angrok: nêmpuh, nrajang.
rompak = begal, begal sagara, bajag.
ruhun = rumuhun: biyèn, dhisik.
ruci = bajang. Dewa Ruci: dewa bajang.
rurah = lêbur, rusak, angkah. ngrurah: ngrusak, nglêbur. rumarah: golèk, ngangkah. pangrurah: pangrusak.
rudah = rusak. rudhatin, rêdatin: rusak atine, susah.
rudita = prihatin.
rutan = pênjalin.
--- 36 ---
ruwastha = ugêl-ugêl.
ruwida = susah.
ruwiya = warata.
rujit = anggit, suwèk, suwir. rinujit: dianggit, disuwèk. pusparujit: gubahan. rinujit-rujit: disuwèk-suwèk.
rubaya = jangji.
rubiyah = bojo.
rungas = pêrung.
runtik = muring, nêpsu, bêndu.
rukti = rakit, pasang, rumat.
rukmi = êmas.
rumpaka = gubah, anggit.
rumpuk = sungsun.
rumbah = jangan. rumbahan: janganan. ngrumbah: anjangan.
rumbu = sêgêr.
rêrêng = rêngrêng: asri, ngêngrêng, anggamêng.
rêkatha = yuyu.
--- 37 ---
rêke = mangke.
rêdatin = rudatin, rudahtin: susah.
rêtu = rusuh, gègèr, horêk, suksukan.
rêtuh = buthêk, bukêt.
rêsi = pandhita, rêsindra: pandhita ratu.
rêsigana = dewa.
rwawa = luntas.
rêjasa = arjasa: asri, bêcik.
rêgêm = gêgêm. ngrêgêm: anggêgêm, rinêgêm-rinêgêm: digêgêm.
rêngya = rungu, prungu. karêngiya: krungu, kaprungu.
rêngut = jêngkêrut, mrêngut: anjêngkêrut.
rêkta = abang. palarêkta: bolu.
rêtna = intên. manik nawarêtna: barang intên warna sanga. rêtna wadu: bêcik-bêcike wong wadon.
rêspati = pidêksa, pantês.
rêsmi = asri, rêsêp, sêngsêm. sarêsmi: padha sêngsême, padha rêsêpe, cumbana.
--- 38 ---
rêncana = godha.
rêncaka = ribêd, susah.
rêncêm = rêmuk, pêcah.
rêmbaka = rêmbuyung, kêtêl. ngrêmbaka: ngrêmbuyung.
rêbda = ngrêpda. ngrêda: andadi, sumêbar, warata.
rêngrêng = asri, ngêngrêng, anggamêng.
rêngka = bênthèt, nêla. mulwa rêngka: srikaya.
rênggut = sebrak, sêndhal, jambak. ngrênggut: anjambak, nyêndhal, nyêbrak. rênggut-rumênggut: jambak-jambakan.
rênggêp = candhak, cêkêl. ngrênggêp: nyêkêl, nyandhak.
Ka
kahastaman = kabungahan.
kahargya = kajèn.
kaharsayan = kabungahan.
kahomitan = susah, kasusahan.
kahopan = kopèn.
--- 39 ---
kahosmurda = kêthu.
kahol = crita.
kahêntar = kabegal.
kanaka = êmas.
kanan = têngên.
kanin = tatu.
kanang = kang.
kacundhuk = kapêthuk, kapranggul.
kacung = le, thole, bocah lanang.
kacêmba = kacêmbang: kêcut.
karana = jalaran, sabab, awit, amarga.
karaca = kijing.
kariti = sêmut.
karuna = nangis.
karas = kothak, papan.
karêngya = krungu, kaprungu.
karêndar = krêndar: sungsum.
--- 40 ---
karêndhi = mênjangan, mênjangan tutul.
karangulu = bantal.
karês = balur.
kaka = kakang, gagak.
kaki = sikil, anggèr.
kakiki = nyata.
kakôndha = gandera, lêlayu.
kada = kunthing.
kadalurung = kêbanjur.
kadya = kaya.
kata = têmbung, crita.
katiga = gêni.[5]
katiwang-tiwang = katula-tula, kalunta-lunta.
kater = tambir.
katêka = têkan.
katang = kêkatang. katang-katang: sukêt.
katong = ratu.
--- 41 ---
katrêsan = giris, miris.
kasatika = tutut.
kasida = lêstari.
kasusra = kasuwur, misuwur.
kasung = katur.
kasub = misuwur, kasuwur.
kaswada = kalong.
kaswasih = mêmêlas, mêlas asih.
kaswas = kasyas: katur.
kawaca = panganggo, kaprabon.
kawawa = kuwat, kuwagang, kangkat.
kawanda = kawandha: gêmbung.
kawindra = kawiradiya: pujôngga.
kawilut = kagubêd, kapulêt.
kawistara = katara, katon.
kawuri = kapungkur.
kawuntat = kapungkur.
--- 42 ---
kawuryan = katon.
kawêwang = mêrak.
kawêlak = kapêlak: suwèk.
kala = jaman, nalika.
kalika = nalika.
kalingking = jênthik.
kalingga = kapundhi, kaadêg.
kale = pênding.
kaloka = kondhang, misuwur.
kalurak = kapundhung.
kalulun = kelut, katut.
kalêntit = dubur, itil.
kapa = ulês, lurup.
kapracondhang = kataton, katiwasan.
kaprajaya = kataton, katiwasan.
kapwa = kapya: padha, kabèh.
kapang-kapang = dhampyak-dhampyak, katebang-katebang.
--- 43 ---
kapi = kapati, sêmu, bangêt. kapirêkta, kapurônta: jambon, jambon, ênom. kapilare: sêmu bocah, kaya bocah. kapidêrêng, kapiadrêng: adrêng bangêt, karêp bangêt.
kapirangu = mangu-mangu, sêmu gajêg-gajêg, ribêt.
kapila = kêpila: putih.
kapiluyu = katut, kelut, kapencut.
kapita = kagèt.
kapidhara = klêngêr, sêmaput.
kadhana = lanang.
kadhini = wadon. kadhana-kadhini: anak loro lanang wadon.
kayun = karêp. ngayun: ngarêp.
kamantya = luwih, ngluwihi, bangêt.
kamal = asêm.
kamijara = sêre.
kamutya = kamutiyan: kamuktèn.
kamohitan = sênêng, bungah.
kaga = manuk.
--- 44 ---
kagum = kagèt.
kagyat = kagèt.
kabul = katurutan, kalakon.
kabyaktan = kayêktènan.
kabyatan = kabotan.
kandarang = kêndhali.
kantaka = klêngêr, sêmaput.
kantar = ulat, tamèng.
kantu = klêngêr, sêmaput.
kandha = kôndha: crita. maca kandha, maca kôndha: maca crita. darma kôndha: crita bêcik.
karna = kuping, sungu.
karni = ambaning kuping, sungu.
kardi = gawe. kinardi: digawe.
karta = têntrêm, slamêt.
karti = gawe, banyu.
kartika = lintang.
--- 45 ---
karsana = bungah.
karya = gawe. kinarya: digawe. pakaryan: pagawean, panguripan.
karma = tata, basa, tata krama.
kaksan = sanalika.
kas = kuwat, santosa.
kalpa = ali-ali.
kalpika = ali-ali.
kalbu = ati.
kapti = karêp, sêdiya.
kancana = êmas.
kampita = kagèt, lindhu.
kambil = abah-abah jaran.
kambing = wêdhus.
kanggêg = kandhêg.
kratalasa = bulus.
krama = patrap, pratingkah.
kramika = ulêr.
--- 46 ---
kyasa = sêpêt.
kyama = bulus, pênyu.
kirana = rêmbulan, sorot.
kirata = wong alasan. kiratabasa: basane wong alasan.
kitiran = manuk pêrkutut.
kisi = susuk kondhe, kancing gêlung.
kintaka = layang.
kirna = sakèhe. palakirna: sakèhe woh-wohan.
kirtya = makirtiya: gawe.
kisma = lêmah.
kingkin = susah.
kridha = ulah. kridhasara, kridha astra, kridhastra: ulah gêgaman.
kriya = tukang.
kerah = karêp.
kering = kiwa. kanan kering: kiwa-têngên.
ketang = kilang.
keswa = rambut, gêlungan.
--- 47 ---
kewala = bae.
kelikan = kêsèd, sungkan.
kewran = kèwuhan.
kejani = lutung.
kengis = katon sathithik.
kèn = prawan, wadon.
kentar = katut, kèli.
kendhang = kèli, buwang.
ko = kowe.
kohên = kowe.
konêng = kobêr.
kocika = palanangan.
koce = sondhèr.
kosara = kusara: êbun.
koswa = rêngga, panganggo, kaprabon.
koligha = sadulur sinara wadi, sadulur sinara wèdi.
kolêm = kulah.
--- 48 ---
komis = brêngos.
kongas = ngambar, sumêbar. ngongasake: ngetokake, ngumukake, mamèrake.
kontab = kondhang, misuwur.
kotbuta = kaya buta, mêdèni, anggilani.
kongkal = kasingsal, kontal, kasongkèl.
krodha = muring, nêpsu, mêta.
kroya = karoya: wit waringin.
kunarpa = bangke, mayit, layon.
kunira, kumkuma = kunir.
kunêng = sigêg, lèrèn.
kuras = rêsik.
kuranji = asêm.
kurug = kalung.
kurita = rante, oyod.
kucumbi = bojo.
kukila = manuk.
--- 49 ---
kukuwung = cumlorot, sumorot.
kukya = kuku.
kuda = kudaka: jaran.
kutêr = putêr.
kutu = tuma.
kuswa = ambung, isêp, kinuswa-kuswa: diambungi.
kuswara = kasêbut.
kusuma = kêmbang.
kusung-kusung = kêsusu, ngaya-aya.
kuwawa = kawawa: kuwat, kuwagang, kangkat.
kuwu = dhepokan palerenan.
kuwôndha = mayit, bangke, layon.
kulita = rakêt, rumakêt.
kulup = thole, anggèr.
kuji = kanthong, kujian: kanthongan.
kumara = kumandhang.
kumuda = kêmbang tanjung.
--- 50 ---
kumut = kêbês, têlês kêbês.
kuthira = pasêr.
kuthila = kêthèk.
kuthip = bajang.
kun = aku.
kurma = kurniya: bulus pênyu.
kunjara = kandhang gajah.
kumbayana = wadhah banyu, gênthong, klêmuk, jêmbangan, klênthing.
kumbi = selak, mukir.
kung = susah, sêdhih, prihatin.
kêni = kêna.
kêning = alis.
kêta = gumêtêr.
kêtur = candhana.
kêlir = aling-aling.
kêping = gèpèng, pèsèk, kimpès.
kêjar = bêdhak, mburu.
--- 51 ---
kênya = prawan.
kênyar = gêbyar, sorot, kumênyar: gumêbyar, sumorot.
kêmat = kaluwihan, pamèr.
kêmit = jaga.
kêndhuru = wit gêndhuru.
krêdya = kagèt.
krêdyat = kêrdiyat: kagèt.
krêpuk = pèpèt, sompok, kakrêpuk: kapèpèt, kasompok.
krêmun = grimis.
krêsna = irêng, wage.
Da
dahana = gêni.
dahat = bangêt.
daut = dhaut: bêdhol, pêdhot.
danawa = buta.
daniswara = sugih tur priyayi, sugih singgih.
--- 52 ---
danu = dhanu: mega, panah, gandhewa.
danuja = satriya linuwih.
danurja = turune wong pintêr, turune wong sugih ngèlmu.
dara = dhara: wêtêng, lintang gêdhe, prawan.
darana = drana: sabar, sarônta.
darani = caping.
daraka = draka: sabar, sarônta.
darapon = supaya.
daruna = sabab, jalaran, wiwitan, bêbuka. paran darunanira: apa sêbabe, kêpriye bêbukane.
dadya = dadi.
data = padu, para data, pradata: para padu, pangadilan, jêksa. andata: madu, padon.
datan = ora. datanpa: tanpa, ora nganggo.
dasa = batur lanang, sapuluh.
dasi = batur wadon.
dasih = kawula, abdi batur. andasih: ngawula.
--- 53 ---
dalasa = dalah, kêlayan
daya = kuwat, rosa. kadayan: kêkuwatan karosan.
darsa = darsana: tuladan, tuladha. sudarsana: tuladan bêcik.
darpa = kumudu, kadêrêng, bangêt.
darma = wèwèh, bêcik. darmawasita: pitutur bêcik.
darbe = duwe.
daksina = ênggon, kidul, wêkasan. daksinalaya: kuburan wêkasaning pati.
dagda = limpat. widagda: luwih limpat.
dang = kukus. dangan: kukusan.
drana = sabar, sarônta. sabar drana: sabar têmênan.
drawina = ombe. drawinan: ombèn-ombèn. andrawina: sênêng-sênêng ngombe.
drawaya = mili, dlèwèran.
drawasa = trajang, tiwas. kadrawasan: katiwasan. andrawasi: niwasi.
drawita = bêngkah, bênthèt.
drastha = makutha.
--- 54 ---
drasthi = alis.
dwara = lawang.
dwaja = umbul-umbul.
dyana = dhuwit, ganjaran. diyanawimala: rajabrana, ganjaran luwih lara.
dyah = putri.
dyasa = sirna.
dirada = gajah.
dite = dina Ngaad.
ditya = srêngenge, ngluwihi.
diwasa = môngsa, sêdhêng.
diwangsa = diwôngsa: sanak, akrab.
diwangkara = srêngenge.
dipara = gajah.
dipôngga = gajah.
dipan = padhang. andipani: madhangi.
diya = sulaya. diya-diniya: pasulayan.
dimapa = nglêngkara, mokal.
--- 55 ---
dimèn = supaya.
dibya = linuwih, pêng-pêngan, utama. sudibya: luwih utama, linuwih.
dik = bangêt, awang-awang, keblat papat. diksura, dêksura: kuwanènên.
dirja = slamêt.
dirya = katon, katara.
dirga = dawa. dinirgakna ingkang yuswa: diganjara umur dawa.
dirgama = borang.
dirgantara = awang-awang.
dwi = loro.
dwija = guru, pandhita. dwijawara: guru linuwih, pandhita gêdhe.
dwistha = karêp, sêdiya.
dri = gunung. wanadri: alas pagunungan.
driya = ati.
de = dene.
dewata = dewa lanang.
dewati = dewa wadon.
--- 56 ---
deya = mardeya: gawe.
denta = anggone.
doradasih = daradasih, duradasih: nyawa têrus impèn ana nyawane, impèn duwe nyawa, impèn têrus.
don = papan, ênggon, panggonan. andon: nêba.
duhita = putri. narpaduita: ratu putri.
dura = asin, adoh.
duratmaka = maling.
dukacipta = nêbsu batin, prihatin.
dukut = sukêt.
duta = utus, utusan. dinuta: diutus.
dulya = dêlêng, dahwèn.
dulu = dêlêng. dinulu: didêlêng.
dulur = iring. dinulur: diiringake. andulur: ngiringake.
dupara = nglêngkara, mokal.
dupi = barêng, têkan
dumaya = mêndhung.
--- 57 ---
dumadi = tumitah, kang dititahake.
duhkita = susah, sêdhih.
dur = ala. durjana: wong ala. dursila, duryasa, durniti: patrap ala, panggawe ala. durcara: gunêm ala. duratmaka, dur atmaka: nyawa ala, maling, buta.
duryan = durèn.
duryat = sorot, pêngpêngan.
durma = macan.
durmas = drumas: kuningan.
durga = ala, pakewuh, bêbaya.
duk = tuju, dhèk, nalika. duksamana: nalika samana. dukdinuk: tuju-tinuju.
duksina = kidul.
duskarta = sangsara, ora slamêt.
drustha = ala.
dlurung = banjur. kadlurung: kêbanjur.
dêlaha = dalahan, dêlahan: pungkasan, ing têmbe, mati, jaman kalanggêngan. praptèng dêlahan: têkan jaman kalanggêngan, têkan mati.
--- 58 ---
dêring = bêras. padêringan, padaringan: gênthong wadhah bêras, simpênan bêras.
dêling = cêtha, ujar, kôndha.
dêmi = thithik, saksi. sadêmi: sathithik. dêmi Allah: kalawan saksi Allah.
dêmung = gêndhing.
dênta = gadhing, untu.
drêdya = trêsna, asih. kadrêdiyan: katrêsnan.
drêman = wêrdèn.
Ta
tahên = ampêt, tahan, kayu taun sandhang. nahên: ngampêt, nahan, nandhang. mangkene nahênkung: nandhang susah. nahên waspa: nahan êluh, ngampêt êluh.
tanapi = utawa, sarta, apadene.
tanaya = anak.
tanu = blungon, mangsi.
taratya = kêmbang trate.
--- 59 ---
taru = godhong.
taruna = anom. prabu taruna: ratu anom.
taruwara = kêkayon.
tarêm = tandur. tarêman: tanduran.
taka = pati.
tata = angin, gêtih ing otot.
tatab = kêbuk, maras.
tasik = sagara, pupur.
tawan = boyong. tawanan: boyongan. katawan: kaboyong.
tawak = tôngga.
tawo = madu.
tala = lêmah, tawon. pratala: sap-sapaning lêmah, warna-warnaning lêmah.
taling = kuping.
talu = wiwit.
taluh = blêthokan, kringêt.
tapang = angin, glêpung.
tajum = antêng.
--- 60 ---
tajêm = mênêng, ayêm, têntrêm, antêng.
tayuh = drajat, kaluhuran.
taman = ora.
tamuhana = tamuyana: manuk prênjak.
taga = sato.
tagyana = pacangan.
tabid = tabib: dhukun.
tabuh = jam.
tan = datan: ora.
tandya = banjur, nuli, têrus.
tantra = tôntra: bala.
tansipi = tansah, bangêt.
tandhana = gandera.
tanya = takon.
tanbara = dhudha.
tanbuh = tambuh: ora wêruh. tumambuh: api-api ora wêruh. mitambuhi: api-api ara[6] mêruhi.
--- 61 ---
tar = ora. tarlèn: ora liya.
tarkas = endhong.
tarpa = tanpa.
tartamtu = tar tamtu: masthi.
tanjak = ngigêl, mênthang.
tampang = bandhul, êmblèg.
tampis = êntèk.
tamping = pinggir.
tampo = tape.
tampu awang = dhampu awang.
tampêr = wêdhi. uyah tampêr: uyah wêdhi.
tambang = tali, opah. panambang: kanggo nalèni. tambangan: opahan.
tambula = kinang. nambula: nginang.
tambêng = budhêg, tamèng.
tang = kang.
tangkar = pêncar.
tangkil = seba, adhêp. tinangkil: sineba, ingadhêp.
--- 62 ---
tangke = êpang.
tangkêp = tutup. tumangkêp: nutup.
tanggap = tampa. tumanggap: nômpa. pananggap: juru nômpa.
tranggana = lintang.
trantang = kudhi.
tyas = ati. matiyas: mikir.
tiarda = bangêt. rôga-tiarda: lara bangêt.
tinon = katon.
tirah = têtirah: pinggir.
tikin = iki, iku.
titi = êntèk, katam, tamat.
têtika = solah, tindak, pariksa.
titir = kêrêp.
tiwar = simpar. katiwar-tiwar: kasimpar-simpar.
tiwikrama = mêsu, prihatin bangêt.
tiwe = swiwi.
tila = ratus.
--- 63 ---
tilarsa = lêmpuyang.
tilam rum = tilam wangi: paturon.
tilam sari = paturon
tidharsa = manuk kêdhasih.
tidhêm = sirêp, surêm.
timun = timun.
tingêl = budhêg.
tinting = pilih.
tindha = payon, payu, tarub.
tirta = banyu. tirtamarta: banyu urip.
tikta = pait. wila tikta: maja pait.
tiksna = landhêp, gathèkan.
tikbra = susah.
tismasa = môngsa adhêm, badhidhing.
timpung = pincang.
timbul = kumambang.
tri = atri: têlu, rame. trimurti: têlu-têluning atunggal. trisula: gêgaman alandhêp têlu.
--- 64 ---
tèki = taki: tapa. têtèki, tèki-tèki: mangun tèki: martapa nglakoni tapa.
tekang = kang, sing.
tètèh = cêtha, têrang.
tetah = tuntun.
tèlèr = wit kelor, kuwat, umbêl.
towang = towong, kêndhat.
toya di = banyu rêsik, banyu suci. katoya rasa upaya: kêna mêmanising ruba, dibêsêli.
tôntra = bala.
tuhu = têmên. mituhu: tumêmên. nuhoni: nêmêni, nêtêpi.
tunu = obong. tumunu: kobong.
turida = susah, prihatin.
turôngga = jaran. turôngga rata: jaran rakitan.
tuding = êkon, tinuding: diêkon.
tuwêk = kêris.
tulya = tuli: tulèn, têmênan.
--- 65 ---
tumuntur = mèlu.
tumpak = dina Sabtu.
tumpal = sèrèt, tumpang.
tungkat = têkên.
tungguk = tunggu, jaga.
tunggul = unggul, dhuwur, gêndera.
tunggung = gêtun.
truna = banyu, ênom, bodho, jaka.
truni = ênom, prawan.
truh = udan. truhtruh: udan-udan, udan ricik.
trustha = bungah, êlèng.
trusthi = êlèng.
têrusan = lawang butulan.
têkit = cêthik.
têlari = lêmari cilik.
têpi = pinggir.
têpu = dhêdhak.
--- 66 ---
têdhuh = mêndhung, timbrêng, srêngenge ora katon.
têguh = rosa, kuwat, wêntala.
têbêng = aling-aling.
têngran = aran.
têrbis = jurang, pèrèng.
têmpayang = gênthong.
têmbaya = jangji. patêmbayan: prajangjian.
têmbing = pinggir.
trêna = êlung.
Sa
sahaya = kônca, batur, rewang.
sahar = unthuk.
sahab = jêjêl, sêsêk.
saha = mrica.
sahid = pintêr, cukup.
sahing = cabe.
--- 67 ---
saudara = sadulur, kadang.
sana = ênggon, panggonan.
saniskara = sabarang, samubarang.
sanepa = upama, tuladha, pasêmon.
sanetyasa = sanitiyasa, nitiyasa: tansah.
sanubari = ati.
sara = panah, lêlandhêp.
sarasidya = kêmbang tunjung.
sari = kêmbang.
sarija = itil.
saroja = rangkêp. kasaroja: karangkêp. sinaroja: rinangkêp. mata sinaroja: mata rangkêp, mata ronyok, têmbung sinaroja: dwi lingga.
saruni = sruni: suling.
sakatha = kreta.
sakèthèng = lawanging kutha.
sadana = wèwèh, sêkti.
sadarpa = kadêrêng, bangêt.
--- 68 ---
sadarga = kira-kira.
sadak = kancing gêlung.
sadêmi = sathithik.
sata = pitik.
satata = tansah.
satak = satus.
satiti = langgêng.
satikswa = sathithik.
sato = kewan. sato iwèn: kewan iwèn. sato galak: kewan galak.
sasa = lintang.
sasana = sana: ênggon, panggonan. asana: manggon.
sasaki = akik.
sasadara = sasadhara: lintang gêdhe, rêmbulan.
sasra = sèwu. sasra bau: bau sèwu.
sasi = rêmbulan.
sasôngka = rêmbulan.
sawala = gèsèh, sulaya. data sawala: sulaya padune, sulaya rêmbuge.
--- 69 ---
sawaja = swaja: bêlo.
sawastu = mêsthi, têmênan.
sawega = piranti, mrabot, sadhiya.
sawung = barêng. sinawung: binarêng, dianggit.
sawunggaling = jago êmas, jago patohan.
sawêgung = kabèh.
salatara = mlandhingan.
salaba = slaba: laron sulung.
salemuka = pilingan.
saloka = upama, pasêmon.
salu = ambèn.
sapala = sapele, sathithik, utama.
sapangu = sadhela.
sadhawara = atur. manadha wara: matur.
sajuga = siji, sawiji.
saya = piranti. sayèng kaga: kala.
sayaka = panah.
--- 70 ---
sayasta = kasur.
sayoga = sumêta, sêdhiya.
sayogya = prayoga.
samadya = gajah.
samatra = sathithik.
samapta = sumêta, sadhiya, miranti.
samirana = angin.
samodra = sagara.
samuha = bêcik, kumpul. manganggo samuha: manganggo bêcik. samuhan: tontonan manganggo bêcik. lagune bêcik, jogède bêcik. pasamuan: kumpulan bêcik, jagongan.
samêndhang = sadhela.
saban-saban = sabên-sabên.
sangara = sêngara: banyu.
sandi = samar, wadi, samun. sandi sastra: tulis kang disamar, tulis kang digawe wadi. sandi upaya: paêkan ngrêmit.
sandeya = sandiya: kuwatir, sumêlang.
--- 71 ---
santa = sabar, sarèh, bêcik.
santika = sêkti.
santya = mênging, muji, santiya pudiya, santiya budiya: mêmuji, nênuwun.
sandhang = anggo. nyandhang: ngangga[7]
sandhangan: anggon-anggon.[Belum dialihaksara]
sandhang walikat = kêris.
sarkara = lêgi.
sardana = sugih.
sardala = siyung.
sardula = macan.
sarpa = ula. sarpa krêsna: ula dumung.
sarjana = wong pintêr.
sarju = sênêng.
saksana = nuli, tumuli.
sad = nênêm. sadrasa, sadrasa: rosa[8] nênêm. sadpada: sikil nênêm, bangsa kinjêng, bangsa kombang.
satmaka = urip.
--- 72 ---
sastra = tulis. parama sastra: tulis kang linuwih. sastra sandi: tulisan kang digawe wadi, tulisan wadi. sastraji: layanging ratu.
sapta = pitu.
sancaka = srawungan.
sancaya = srawungan.
sampêt = rampung, cukup.
sambrama = bage. panambrama: pambage. manambrama: ambagèkake.
sabda = gunêm cêlathu.
sangkala = taun.
sangkaya = pantês. datan sangkaya: ora pantês.
sangkin = saya, sangsaya. sangkin andadra: saya andadra.
sangkêp = ganêp, cukup.
sangsipta = mulane, jalaran saka iku.
sanggya = kabèh.
sanggraha = dhepokan, omah palèrènan.
srawa = sêmut.
sraya = rewang, tulung. minta sraya: njaluk tulung, njaluk direwangi.
--- 73 ---
swanita = kringêt.
swakuda = jaran.
swasa = uswasa: ambêkan.
swami = garwa, pramèswari.
swamipa = pinggir, pasisir.
swandana = tunggangan, kareta.
sinipi = bangêt, kapati-pati.
sinidhikara = didongakake, dipujèkake.
sinom = wadon, pradapa.
sinukarta = dirêngga, disruwe, diaru-biru.
sira = kowe.
sirung = pêtêng, lindhuk.
sikara = tangan, bau.
siking = gêni, upêt.
sida = prasida: lêstari.
sidi = bênêr. pramana sidi: awas têmênan.
sidik = waskitha.
--- 74 ---
sita = luwih.
sitarêsmi = rêmbulan.
sitibêntar = sêtinggil.
sitèngsu = rêmbulan.
siswa = kônca, wêtu.
siwah = beda.
siwi = anak, seba. sumiwi: sumeba. sumiwèng: seba ing.
siwi bantya = anak mantu.
sila = patrap, pratingkah. dursila: patrap ala, maling.
silar = singkir. sumilar: sumingkir.
sipi = bangêt, kapati-pati.
sidhikara = puji, môntra, donga.
siyaga = dandan, miranti.
siyasat = siksa.
sigra = enggal, rikat, wahing.
singanadi = baya, bajul.
singaranu = baya.
--- 75 ---
singangsana = dhampar palênggahaning ratu.
sindu = banyu.
sindura = mêthuk.
sindung riwut = lesus, prahara.
sirna = ilang, musna.
sipta = cipta.
slira = salira, mênyawak.
sri = ratu. sriwêdari: tamaning ratu. srinata, srinarpati, srinarendra, sripamasa: ratu.
sribupati = ratu.
sing = saking.
singsim = ali-ali.
singgang = poking dami.
sena = prajurit pikukuh.
seta = putih.
setra = kubur tan kapêndhêm.
seswa = murid. seswarini: murid wadon.
--- 76 ---
sewa = sewaka: seba. sumewa: sumeba, seba. pasewakan: paseban. sinewaka, siniwaka: sinowan.
sèntèl = kempol.
sona = asu.
sori = ratu putri.
soroh = wèh, wèwèh, sinorohwadi, sinarawèdi: diwèhi wadi.
soka = susah.
sokana = sêdhih, susah.
sokanandi = abang ênom sêmu kuning.
sota = rasa.
sowang = dhewe, ijèn. sowang-sowang: dhewe-dhewe, ijèn-ijèn.
sonya = suwêng.
song = rong, lèng.
su = luwih, bangêt.
suhun = sunggi, pundhi. sinuwun: kang dipundhi, disunggi. sinuhun-suhun: dipundhi-pundhi, disunggi-sunggi, diaji-aji. susuhunan: wong kang dipundhi-pundhi.
--- 77 ---
sunya = sunya, suwung.
sunar = sorot.
sunu = anak, sorot.
sura = wani, kêndêl, linuwih.
sura duhita = widadari, putri linuwih.
sura wadu = widadari, putri linuwih.
suralaya = kadewan.
suraya = gêgêdhug, kêndêl.
surastri = sulastri: widadari.
suka = bungah, sênêng. kasukan: kasênêngan, suka-suka, sênêng-sênêng, bungah-bungah.
sukarta = rêngga, aru-biru, sruwe.
sukra = dina Jumuah, cèlèng.
sudama = lintang, bodho bangêt.
sudarsana = darsana: tuladan bêcik.
sudarma = bapa, bêcik. sudarman: kabêcikan.
sudra = sangsara, asor nistha.
sudira = kêndêl.
--- 78 ---
sudibya = linuwih
suta = anak.
sutikna = sutikna: landhêp, anggitan.
susra = suwur. kasusra: kasuwur.
susila = patrap bêcik.
suweda = sweda: driji.
sulayah = angglimpang, klumah.
sulah = slumbat, sunduk, sujèn.
sulaksana = awak.
sulastri = widadari, patrêm.
supadi = supadiya: supaya.
sujita = turune wong linuwih.
suyati = pandhita.
suyasa = yasa: dalêm.
sumawana = apadene.
sumantri = mantri linuwih, patih.
sumarsana = kêmbang kanthil.
--- 79 ---
sumêne = sumaya.
sumêngka = munggah.
sumirat = sumorot, gumêbyar.
sumyar = ambyar, sumêbar.
sugata = suguh. pasugatan: suguhan.
subadya = subadi: santasa.[9]
sundara = bêkisar, sawangan.
sunya = suwêng.
sumbaga = misuwur, gunasêkti. sugih sumbaga: sugih guna sêkti.
sung = awèh. sinung: diwènèhi. kasung: katur. pisungsung: pawèwèh.
sungkawa = susah.
sru = sêro,[10] bangêt.
sênên = sorot, cahya.
sêca = sêtiya: têmên.
sêrah = suruh.
sêrang = têmpuh, trajang. nêrang, manrang: nêmpuh, nrajang.
sêkung = adrêng, bangêt.
--- 80 ---
sêkêl = susah.
sêlah = kêmbên.
sêbit = suwèk. sinêbit: disuwèk.
sêndhaya = para nyai.
srênggala = asu, asu ajêg.[11]
Wa
wahana = banyu, tunggangan. wadiya wahana: prajurit jaranan.
wail = pancing.
waudadi = sagara.
wauwa = wawa.[12]
wanara = kêthèk.
wanadri = alas pagunungan.
wanawasa = alas ngrètèk, alas trataban.
wanarga = wana arga, wanagiri: alas pagunungan.
wanita = wadon.
wanodya = wadon.
--- 81 ---
wacana = gunêm, cêlathu.
wacu = klambi. wacu kambala: klambi ôntra kusuma.
wara = wadon, linuwih. wara sêmbadra, wara srikandhi. wara hastra: gêgaman linuwih, panah. wara duita: putri linuwih, widadari. wara wadu: putri linuwih, widadari. dwijawara: guru linuwih, pandhita gêdhe.
wara taruna = jaka, jêjaka.
wara taruni = prawan.
wara sana = dhampar palênggahaning ratu.
wara wirêsmi = rêmbulan.
warana = aling-aling, wêsi.
warayang = panah, bêdhil, gênthong.
warastra = wara astra: gêgaman linuwih, panah.
warang = pacang, pingit, sêngkêr. warangan: pacangan, pingitan, sêngkêran.
waranggana = widadari.
warêgung = gudhe.
warih = banyu.
wadya = bala. wadiyawahana: prajurit jaranan.
--- 82 ---
wadanta = widara.
wadu = wadon, putri. narpawadu: ratu putri. warawadu: putri linuwih, widadari.
wati = jagad. cakrawati: jagad bundêr. dwarawati: lawanging jagad.
wasa = rusak, sêdhêng. wanawasa: alas rusak, alas trataban, alas ngrètèk.
wasi = pandhita, sabab.
wasita = pitutur. darmawasita: pitutur bêcik.
wasir = wasèrèn: nayaka, panggêdhe.
wasistha = wicaksana.
wawa = gawa, tandhing. wawan: gawan. winawa: digawa. wawan sabda: tandhing gunêm, padu.
wala = bocah.
waluya = slamêt, waras.
waju = klambi. waju kambala: klambi ôntra kusuma.
waya = banyu.
wayasa = wyasa: gagak.
waga = pawadonan.
--- 83 ---
wahya = wêtu, lair. kawahya: kawêtu, kalair.
wahdat = wadat: ijèn.
wanda = wônda: awak.
wandawa = sanak, kulawarga.
wandu = sanak.
wantu = bantu, watak, winantu: kabantu. mawantu: ambantu.
wanteya = manuk garudha, luhur.
warna = banyu, ucap, crita. winarna, kawarna: kocap, kacrita.
wardaya = ati.
wardugangga = lintah.
warsa = warsi: udan, taun. triwarsa: têlung taun. warsaya: mangsa rêndhêng.
warsita = wursita: ucap, crita, winursita, kawarsita: kocap, kacrita.
waktra = rai. nayaka waktra: patih.
wastra = jarit.
wastu = èstu, masthi.
waswa = wastu: èstu, masthi, têmênan.
--- 84 ---
waspa = êluh.
walgita = layang.
wancak = walang, palang. wancak driya, walang kayun: walang ati, sumêlang. walang sangkêr: wêwalêr.
wakawa =[13] awang-uwung, kêkuwung, kluwung.
wangsa = wangsa: bangsa, sanak.
wangwang = banjur, nuli.
wra = mawra: warata, sumêbar.
wraha = cèlèng, warata.
wrahat = arahan. wrahat bala: bala arahan.
wrahatsari = kêmbang cêpaka.
wratmaka = kêmbang gambir.
wi = luwih, bangêt.
wihara = wiyara: patapan, susah.
winata = kêmbang tunjung.
winaya = anggang-anggang.
winarna = kocap, kacrita.
--- 85 ---
winiwi = wira-wiri.
wicara = gunêm, ujar.
wicitra = rupa luwih bêcik, ayu bangêt.
wira = prajurit, pêngpêngan, panggêdhe, kuwasa. wira utama, wirotama: prajurit utama.
wirangrong = susah, kedanan.
wirong = susah, purik, pasang, rimong.
wirungan = pawon.
wikan = wêruh.
wiku = pandhita. sangawiku: sang pandhita.
widada = tulus, lêstari.
widadara = dewa.
widayaka = pujangga.
widayat = pulung, wahyu.
widagda = limpat putus.
widi = dewa.
widik = keblat papat, awang-awang. widik-widik: awang-awang, katon sadhela.
--- 86 ---
widigda = alun, putus, luwih limpat.
widung = kupu.
witana = sitinggil.
witaradya = bangsa luhur, trahe wong mêngku nagara.
wisata = lêlaku, lunga, lêlungan.
wisaya = panggawe, piranti, paeka. misaya: golèk.
wisesa = kuwasa. misesa: nguwasani, ngêrèh. kawisesa: kêrèh. mantri wisesa, mantri sesa: mantri kuwasa, patih.
wiso = iso: usus.
wisuna = wisa linuwih, wisa mandi.
wisudha = unggah. misudha: ngunggahake. kawisudha: diunggahake.
wiwaha = rêngga, bêcik, adi. wiwahan: rêrênggan. pamiwaha: pangrêngga.
wiwara = lawang.
wiwaga = piranti.
wila = maja. wilatikta: maja pait.
wilaca = limpe. winilaca, kawilaca: dilimpe, dilimpèkake.
wilasa = wêlas, pêlêm.
--- 87 ---
wilasita = êlèng.
wilapa = layang.
wilaja = maja alasan, wulu cumbu.
wilaya = lêpas.
wilaba = andaru.
wilis = ijo.
wipra = pandhita.
wipanca = dlima.
widhe = lêncir.
wijah = bungah. mawijah-wijah: bungah-bungah.
wijaya = unggul, mênang. wijaya kusuma: kêmbang kang unggul dhewe.
wijayanti = luwih unggul, luwih sêkti.
wijil = wêtu. mijil: mêtu: kawijil: kawêtu.
wiyara = wiyar, patapan.
wiyadi = susah.
wiyata = wulang. pawiyatan: pamulangan.
--- 88 ---
wiyati = awang-awang, langit.
wiyat = awiyat: awang-awang.
wiyoga = susah.
wiyôngga = kodhok.
wimala = luwih lara, lara bangêt.
wimursita = mursita: klêngêr, sumaput, tiba.
wigati = pêrlu, luwih pêrlu.
wigêna = prihatin, susah.
wibawa = mukti, kawibawan: kamuktèn.
wibajra = angin linuwih, prahara.
wibi = biyung.
winda = ambu, wisa. windaka: ambon-ambon.
windu = wayu. windu tirta: banyu wayu.
wirya = luhur, mukti. wiryawan: kaluhuran, kamuktèn.
wisma = omah, wismaka: kêthu.
wima = wêtu. mimba: mêtu.
wimbuh = wuwuh.
--- 89 ---
wignya = pintêr.
wingwrin = wêdi, giris.
wrin = wêruh. tanwrin: ora wêruh.
wriga = kidang.
we = banyu.
wèni = rambut.
wèri = mungsuh.
weda = wedha. wediya: ngèlmu, kawruh.
wèstri = bêbaya. jaga wèstri: jaga baya.
wèsthi = pakewuh, bêbaya. jaga wèsthi: jaga baya.
wèdha = gêni.
wre = kêthèk.
wônda = awak, wujud.
wot = êmot, oyod. winot: diêmot.
wotsari = wot santun: nyêmbah.
wot sinom = nyêmbah.
wong = êmong. winongwong, winong-wong, winong: diêmong.
--- 90 ---
wurahan = sumêbar, gègèran.
wuri = buri. kawuri: kapungkur.
wuruk = kusir.
wukir = gunung.
wuduk = gurih. sêga wuduk: sêga gurih.
wuwus = wêtu, gunêm, ujar tangis.
wulan = rêmbulan.
wulangun = sêngsêm, kangên, sumêlang.
wulinga = berag, bêsus.
wuling = uling.
wulon = rambutan.
wuyung = susah. wayang-wuyung: susah bangêt, poyang-paying.
wuntat = buri. kawuntat: kapungkur.
wuntu = buntu.
wurya = wiwit, katon, wuryan: wiwitan, tontonan. tigas kawuryan: anyar katon.
wursita = ucap, crita. winursita, kawursita: kocap, kacrita.
--- 91 ---
wuk = uwuk, suwuk: wurung.
wênês = mêlês.
wêca-wêca = bangkong, kongkang.
wêruju = waruju: wuragil.
wêka = anak.
wêdari = taman. sriwêdari =: tamaning ratu.
wêtis = pace.
wêlada = woh êlo.
wêlagar = obong. kawêlagar: kaobong, kobong.
wêgang = tikus.
wêgig = putus, pintêr, baud.
wêrcita = cacing.
wêrka = wrêka: ulêr.
wêrdi = jarwa, andadi, akèh wohe.
wêrjit = cacing.
wrêsa = udan.
wrês = dêrês.
--- 92 ---
wrêsti = udan.
wrêdha = tuwa. mantri wêrdha: patih.
wrêksa = kayu.
wrêgil = wêrgil: paran, ênggon.
La
lahita = gada.
lana = langgêng, lêstari, jajah. lêlana, malana: anjajah.
lanat = cucuk. lumanat: nucuk.
larwan = laron.
laris = laku. lumaris: lumaku.
larung = kèli, labuh.
ladrang = lancap.
lata = oyod.
latuha = lumut.
latak = latêk: êndhut.
latang = latêng.
--- 93 ---
lawana = pêdhês.
lawan = karo, sarta, mungsuh, timbang. lawanan: timbangan, mungsuhan.
lawad = lumawad: awor.
lawat = lawata: muluk.
lawiya = wajib.
lawu = pêrèng,[14] èrèng-èrèng.
lawun = pêdhut.
lawung = umbaran, ngamuk, landheyan.
lawên = sorot, cahya.
lalahi = saradan.
lalawora = lalawara: tanpa gawe, ala nganggur.
lalang = alang-alang.
lalis = mati.
lapa = luwe, ngêlih.
ladha = lombok.
laju = têrus.
laya = alaya, pralaya, malaya: mati.
--- 94 ---
layap = liyêp, rayap.
lanyo = umuk.
lama = lawas.
lamun = yèn, manawa.
laga = pêrang, paprangan. palagan: paprangan.
lagya = lagi.
langên = sênêng. lêlangên: sênêng-sênêng. kalangênan: kasênêngan.
langon = langên: sênêng. lêlangon: sênêng-sênêng.
langun = langên: sênêng.
landhi = mênjangan rangkah.
larwa = gangsir.
laksana = laku. lumaksana: lumaku.
laksita = laku. lumaksita: lumaku.
laklak = têlak.
lancar = lêpas, lumancar: lumêpas, nglêpasi.
lanji = lunyu, lonthe.
lamlam = sênêng. nglamlami: nyênyênêng.
--- 95 ---
lampita = pralampita: pralambang, pasêmon.
lampus = mati.
lambang = ijol. lambang sari, lambang santun: ijol sari, cumbana, bedhangan.
lagnyana = wuda.
langkap = gandhewa. mênthang langkap: mênthang gandhewa.
langking = irêng. pête langking: pête irêng, kêdhawung.
linang = ilang, pindêng, luminang: mêndêng, ngrusak.
lirip = towong, kêndhat.
lidhah = ilat, kilat.
lidhi = sada.
limaya = jêruk.
limut = lali. linalimut: dilali-lali.
limus = timun.
lindhih = tumpang, tindhih. lumindhih: numpang, nindhih, nindhihi.
lindhung = lindhu, aling-aling.
lir = pêdhot, kaya, kabèh. saliring: sakabèhing.
--- 96 ---
lirwa = cidra, tinggal, rèmèh.
liklik = sêntil.
listya = alus, endah, bêcik, ayu. sulistiya: wong ayu.
limput = kêmul, aling-aling, kodhêng.
limbang = iling. lumimbang, nglimbang: ngiling.
limbe = kimpul.
lingga = adêg, pundhi, sunggi. kalingga: kaadêg, kapundhi, kasunggi. dahat kalingga murda: disunggi-sunggi bangêt, dipundhi-pundhi bangêt.
linggar = oncat, lunga, linggaran: lungan.
lena = mati.
lèjêm = lêjêm: sêmuning rai.
lèn = liya. tarlèn: ora liya.
lèndhi = lonthe.
lembak = kambang. lembak-lembak: kambang-kambang.
lona = pêdhês.
locana = êluh, pasuluhan, urang-uranging mata.
--- 97 ---
locita = unandika, graita. nglocita: ngunandika, anggraita, ngangên-angên.
loka = jagad. loka endra, lokendra: jagad linuwih, kahyangane bathara endra. loka pala: wohing jagad. lokananta, lokanônta: watêsing jagad, pungkasaning jagad, gamêlan ing suralaya. triloka: jagad têlu, jagad têtêlu.
lowe = luwing.
londho = kêndho.
luhung = adi, angur, aluwung.
lunas = mati.
lukita = têmbung.
luda = tlutuh.
ludaka = cêthik.
ludra = dewa, srêngên, nêpsu, galak.
ludira = rudira: gêtih.
lusi = cacing.
lulus = lêstari.
lupa = marlupa: lungkrah, lêmês, lêsu, lali.
ludhaha = banyu idu.
--- 98 ---
lumalat = nonton, andêlêng.
lumrang = warata, ngambar, sumêbar.
lumung = duwe êlung, ngêlung.
luba = murka, kêthaha.
lungaya = gulu.
lungid = anggitan, landhêp, gathèkan.
lunda = alun.
lungsir = sutra.
lêtuh = buthêk, bukêt, rêgêd.
lêlayu = gêndera.
lêmak = gajih.
lêguta = kulina, udi, rêmbug. linêguta: diudi, dibudi, dikulinakake, dirêmbug.
lêngis = wit waru.
lêntur = lêmês.
lêntang = lumah. lumêntang: mlumah.
lênjing = alu.
--- 99 ---
lêmbi = walang.
lêmbora = iwak tômbra.
lêbda = lêmês, pintêr, olèh. lêbda jiwa: olèh urip.
lêngka = pait, langu.
lêngkawa = teja, kêkuwung.
lênglêng = sêngsêm, asri, dhêlêg-dhêlêg.
lênggana = langgana: sungkan, suthik, mopo. datan lênggana: ora mopo, saguh. langganan: sungkanan.
Pa
pahala = pakolèh, pituwas.
pahat = pêrês, pipit, saring sarana umêb.
pail = oncat. pailan: mangsa koncatan pangan.
paing = gêthing.
pae = beda, seje.
paès = ilo. paesan: pangilon.
pahom = puja, mahom: muja. pahoman: pamujan.
--- 100 ---
panaha = pangira.
panahên = pangampêt.
panalika = paniti priksa, pamriksa.
panasbaran = brangasan.
pani = godhoh, kuping.
panika = kalam, palanangan.
panon = pandêlêng.
panukma = panêlik, panitis, samun.
panêkar = priyayi cilik.
panêpi = sèrèt, sèrèting sêmbêt.
panêmbung = panggitik, cêmêthi.
pacara = kêna supata.
pacima = kulon, pacimatara: lor kulon.
pacu = sikut.
para = kowe, raka para: kakangmu.
parahi = timun
parama = linuwih. parama sastra: tulis kang linuwih. parama yoga.
--- 101 ---
paran = apa, kapriye, kêmbang gêdhang. ana paran: ana apa. kadi paran: kaya apa, kapriye. paran darunanira: apa sababe, kapriye sababe.
parasdya = rasaning ati.
parangmuka = satru, mungsuh.
pari = luwih. parimurti: linuwih. parimarma: luwih wêlas, wêlas bangêt, kawêlasan, pangowêl, pangeman. paribasa: basa kang linuwih. paripurna: rampung têmênan, rampung-rampungan. pariminta.
paris = tamèng.
pakarti = panggawe, pagawean. pakartinya: pagaweane.
pakirtya = panggawe. makirtiya: anggawe, gawe.
pakuwon = pamondhokan.
pakênira = kowe.
pada = sikil, ênggon. marcapada: ênggon uwong, jagad, donya. ngèstupada, nguswa pada: ngabêkti.
padarakan = urakan. pidak padarakan: turune wong urakan.
paduka = sampeyan, sikil, trumpah.
patani = ambèn, èmpèr.
--- 102 ---
pataka = bilai, mati.
patra = godhong.
patik = trètès. pinatik: tinrètès.
patikbra = kawula.
patêmbaya = prajangji, sêmaya.
pasraman = patapan.
paso = jêmbangan.
pawana = angin. pawanan: kanginan.
pawaka = gêni.
pawal = krikil.
pawitra = bêning, rêsik.
pawitarja = dhêdhasar bêcik. rèh-pawitarja: dhêdhasar pratingkah bêcik.
pawongan = para nyai.
pala = woh. pala rêkta: woh abang, bolu. pala gumantung: woh gumantung.
palana = lapak, lapak gajah.
palakrama = pala-krami: salaki-rabi.
--- 103 ---
palastra = mati.
palastha = rampung.
palam = daging.
paliyas = pangluput. paliyasan: pangluputan.
palôngka = dhampar.
palupi = tuladha, lêpiyan.
palugon = paprangan.
papa = asor, cilaka, nistha. papasana: naraka.
padhêm = mati, pinadhêm: dipatèni.
pajampuwa = muga-muga.
pajang = rêngga. pinajang: dirêngga. pajangan: rêrênggan. majang: ngrêngga.
pajungkungan = pamujan.
payudara = susu.
payudan = paprangan.
payuh = ukêl.
payus = pucêt, kucêm.
--- 104 ---
pama = upama
pamasa = ratu.
pamihat = pandêlêng.
pamilawa = jagal.
pagut = tarung, têmpuh, tuju. magut: narungi, nuju, nêmpuh.
pangasih = sumur, pucuk, poncot.
pangastuti = pangabêkti.
pangrawit = pangrajang.
pandara = rêngga. mandara: ngrêngga. pinandara: rinêngga. pinandara sanggyaning pahargyan: rinêngga sakèhing kahurmatan.
pandaya = piranti, paeka.
pandak = tlatèn.
pandam = diyan, pêpadhang.
pandêling = pangucap.
pantaka = pati, mati.
panti = omah.
pantèn = thole, ênggèr.
--- 105 ---
pantên = pari.
pandhana = pandhan.
pandhaya = julik.
pandhak = cebol.
pandhe = pintêr.
pandhuya = pintêr, baud.
pandhêm = balang, bandhêm.
parwata = gunung.
parwasa = rusak, têmpuh, trajang. marwasa, mrawasa: ngrusak, nêmpuh, nrajang.
parpat = kumpul, klumpuk. marpat: ngumpulake, nglumpukake.
parjaya = trajang, têmpuh, suduk, tiwas. marjaya: nêmpuh, nyuduk. pinarjaya: ditrajang, disuduk.
parma = kanugrahan.
paksa = pêksa: uwang, bau, swiwi. paksi: kang aswiwi, manuk.
padni = ratu putri.
padma = kêmbang tunjung.
--- 106 ---
padmasana = dhampar.
pascima = kulon.
palwa = prau.
palwaga = kêthèk.
panjuta = ting, obor, diyan.
prana = ati, tuju, kapranan: katuju.
pranaja = dhadha.
pracadi = pracaya.
pracalita = thathit, kilat.
pracika = kalajêngking.
pracima = kulon.
pracôndha = prahara.
pracondhang = tiwas, tatu. kapracondhang: katiwasan, kataton.
prakatha = surak, rame, gumuruh, gumêdêr.
prakuswa = putus, rosa.
prakêmpa = gonjing.
pradana = ganjaran, loma.
--- 107 ---
pradata = paradata: para padu, jêksa.
pradipta = urub, gêbyar. mradipta: murup, gumêbyar. pradiptaya: luwih gumêbyar.
pradôngga = gamêlan.
pratala = lêmah, sapsapaning lêmah. saptapratala: lêmah warna pitu, lêmah sap pitu.
pratama = bêcik, putus, pambarêp. yoga pratama, pratama yoga: anak pambarêp.
pratiwa = priyayi, mantri, punggawa.
pratiwi = lêmah.
pratipa = lesus.
pratima = golèk.
pratistha = manggon, mungguh.
pratignya = prajangji.
pratônggapati = srêngenge.
praswa = githok.
prasida = lêstari, sida, têkan.
--- 108 ---
prasêdya = karêp, sêdiya.
prasêtya = prajangji, katêmênan.
prawa = cahya, sorot. prawan: kang duwe cahya, kang duwe sorot.
prawata = gunung.
prawira = prajurit, pêng-pêngan.
prawita = jalaran, wêwinih.
pralaya = mati.
pralampita = pralambang, pasêmon.
pralêbda = pakolèh, pintêr, prigêl.
praja = nagara.
prajaka = kongkonan.
prajaya = tiwas, trajang, têmpuh, suduk. kaprajaya: katrajang, kasuduk.
praya = pikir, karêp, ati.
pramati = linuwih, pêng-pêngan.
pramu = luwih, ômba, jêmbar. pramudita: luwih jêmbar. pramusesa: jajahan ômba.
pragya = susah.
--- 109 ---
pragalba = rosa, galak.
pragosa = kêthèk.
pragola = rukêt.
praba = sorot, cahya.
prabu = ratu, pantês.
prastawa = awas, têrang, dhamang.
prastha = pasangan tikus, githok.
prasthi = alis, sêdiya.
prapta = têka, têkan.
prambayun = susu, pangarêp.
priya = lanang.
priyôngga = dhewe, ijèn.
pribadi = dhewe, ijèn.
pringga = bêbaya, pakewuh. wana pringga: alas kang ambêbayani, alas gêdhe. surapringga: surabaya.
pine = beda. kapine: kabeda. bau kapine: bau kabeda, pilih asih.
picis = dhuwit. maspicis: dhuwit mas.
--- 110 ---
pikut = cêkêl. pinikut: dicêkêl.
pidana = ukuman.
pita = kuning. jalak pita: podhang. kunir pita: têmu.
pilangên = cumbana. kêmbang pilangên.
pidhir = wêdi.
piyarsa = pyarsa: prungu. kapiyarsa, kapyarsa: kaprungu.
piyuh = dèrès.
pingul = putih.
pindêl = bisu.
pindha = kaya, èmpêr.
pirma = eman, wêlas, owêl.
pingging = bodho.
pelag = bêcik, bagus.
peya = panas.
pendah = kukuh, beda, luwih.
pendhe = pêdhang.
pèt = cêkêl, jupuk. pinèt: dicêkêl, dijupuk.
--- 111 ---
ponang = punang: kang, sing.
pônca = lima. pôncaindriya, pônca-ndriya: rasa lêlima. pônca weda: ngèlmu lêlima. pônca baya: bêbaya lima.
pôncakara = tarung, padu, kêrêngan.
pôncawôra = prahara.
pôncaniti = pasowanan.
puha = lara.
puhara = puwara: wêkasan, têmahan.
puhi = manasi, mêrês.
puhun = jêmpol.
puna = pulih.
punagi = punagya: kaul, nadar, jangji.
punah = rusak, sirna. pamunah: pangrusak.
punar = kuning. sêga punar: sêga kuning.
pura = puri: kraton. purana: papaning kraton.
purusa = pêksa, palanangan, lanang.
puruhita = maguru, anggêguru. [anggê...]
--- 112 ---
[...guru.]
pukulun = gusti, panjênêngan dalêm.
pusara = tali.
pusika = kucing.
puwa-puwa = panasan, panasatèn, mêmanasi.
puwun = jêmpol.
pupuh = gitik, campur, campuh. pêrang pupuh: pêrang campuh.
pudhaka = kêmbang pandhan.
puyi = gêni.
puyika = gêni.
puyuh = gêmak.
punya = duwe.
purna = rampung. pari-purna: rampung-rampungan, rampung têmênan.
purwa = wiwit, wetan. purwa-duksina: kidul wetan. murwani: miwiti. purwaka: wiwitan, bêbuka, pambuka.
pustaka = layang, buku. pustaka-warti: layang kabar. radiya pustaka: layang nagara, buku nagara. bale pustaka: gudhang buku.
puspa = kêmbang. puspa krêsna: kêmbang têlasih.
--- 113 ---
puspita = kêmbang.
pusthi = cêkêl. pinusthi: dicêkêl.
punghas = wêkasan. punghaskala: jaman wêkasan, kiyamat, wêktu wêkasan.
punggung = bodho.
pênat = sayah.
pênuh = kêbak.
pênêd = bêcik, asri.
pêra = akas.
pêrot = usus.
pêkathik = tukang ngarit.
pêkik = bagus.
pêlari = lêrak.
pêndil = pêthil.
Dha
dhaèng = panji.
--- 114 ---
dhanu = mega, mêndhung, gandhewa.
dhara = dara: prawan, wêtêng. sasadhara: lintang gêdhe, rêmbulan.
dhatu = ratu. kêdhaton, dhatulaya: kraton.
dhadhak = tlutuh, sabab, jalaran. dhadhakan: sabab, jalaran.
dhandhang = gagak.
dhag = lowong. didhagake: dilowongake. ngêdhag-êdhag: barang tanpa isi tutupe kabukak. ngadhag-adhag: tanpa rewang, tanpa kônca (tumrap wong lara).
dhangkak = bucu.
dhangdhi = gogor.
dhihin = dhisik.
dhiri = awak.
dhingin = dhisik.
dhindhing = aling-aling.
dhepok = patapan. mardhepok, dhêdhepok: manggon ing patapan.
dho = pindho: loro. dhomas: wolung atus.
dhucung = unggul. rêbut dhucung: rêbut unggul.
--- 115 ---
dhukut = sukêt.
dhustha = ala, maling.
dhêdhêp = sirêp, lêrêp.
dhêndha = gada, gitik. bau dhêndha.
dhêstha = ganjil.
dhêsthi = piala, alis. andhêsthi: miala.
drêstha = siyung.
Ja
jana = wong, gajah. durjana: wong ala.
janawi = kali, banyu.
janela = cêndhela.
jati = tuhu, têmên. anjatèni: nuhoni.
jawata = dewa.
jawat = gêpok, senggol, êlar. anjawat: nyenggol, ngaruh-aruhi.
jalanidhi = jala nidi: sagara.
jaladri = jaladhi: sagara.
--- 116 ---
jaladha = mêndhung.
jalagra = riyak.
jalu = lanang.
jaludha = gadhing. jaludha tata gati: gadhing kêmbar.
jaya = unggul, pêng-pêngan, sêkti.
jamul = irêng mêlês. waja jamul: untu sisig.
jabang = bocah.
jatha = siyung.
jahning = banyu.
janma = titis, uwong. manjanma: nitis.
jalma = janmi: uwong.
janggala = kagila-gila.
jinêm = turu, mênêng. jinêmrum, jinêm wangi: paturon.
jirak = kapundhung.
jiwangga = awak.
jinjing = jinjit, cincing.
jimbun = kawak.
--- 117 ---
jingga = abang.
jegos = bisa.
johar = sêsôtia.
jodhi = tiwas, asor. anjodhi: gawe tiwas, ngasorake.
jor = asor, rusak. anjor: ngrusak.
jro = jêro, sajrone.
jurit = pêrang. prajurit: wong kang gawene pêrang.
juti = ala, panggawe ala.
juwita = putri.
jumantara = awang-awang.
juga = siji, ijèn.
jugul = bodho, boncis.
jum = tata, dum. anjum asta: salaman.
jênar = kuning.
jêring = jengkol.
jêngku = dhêngkul.
jrênih = bêning, rêsik, têrang. jinrênih: ditêrangake.
--- 118 ---
Ya
yadi = birahi.
yata = sigêg, mangkene.
yasa = gawe, dalêm.suyasa: dalêm.
yayah = kaya, bapa. yayah kadi: kaya.
yayi = adhi.
yama = jêksa. titikaning yama mungguh: mungguh pamriksaning jêksa.
ywa = aja.
yaksa = buta.
yatna = awas, prayitna, eling.
yatma = yatmaka: nyawa, urip.
yyang-yyang = dewa.
yeka = yèku: iya iku. yèki: iya iki. yèkang: iya iku kang.
yowati = prawan.
yoga = anak, tapa, bêcik. yoga brata: laku bêcik, laku tapa, mêmuja.
yogya = bêcik, prayoga.
--- 119 ---
yogi = bêcik, pandhita. sang ayogi: sang pandhita.
yuda = pêrang. payudan: paprangan. yuda gama: pêrang agama, pêrang sabil. yuda asmara, yudasmara: cumbana. yuda yana: lurahing pêrang.
yuwana = slamêt, tulus.
yuyud = tali.
yumana = ati bêcik, lêganing ati. kayumanan: kaslamêtan.
yuga = yoga: bêcik, prayoga, anak, puja, tapa.
yun = arêp, kapengin. ngayun: ngarêp. pangayunan: ngarêpan. ayun uninga: arêp wêruh, kapengin wêruh. kayun: karêp. kayuyun: kasêngsêm.
yukti = yêkti: têmên, bêcik.
yungyun = sêngsêm, eram. kayungyun: kasêngsêm.
Nya
nyarawidya = nyoroh wadi, nyara wèdi.
nyarandu = mratani, ngratani.
--- 120 ---
nyakrawati = ngubêngi jagad.
nyawung = ambarêng, nganggit, ngêmban.
nyarwètèh = anèh, ora lumrah.
nyidhikara = nyidhikara: muja môntra.
nyitra = nulis, ngrupa.
nyintaka = kaya manuk cêkaklak.
nyu = ênyu: krambil, cêngkir.
nyudênta = ngênyu dênta: ngrambil gadhing, nyêngkir gadhing.
nyuluh = nyoloki, ngobori.
nyugata = nyuguh.
nyundaka = nêlik.
nyêrang = nêmpuh, nrajang.
nyêtha = ambadhe, ambatang.
nyênggut = nyêbrak, nyêndhal.
--- 121 ---
Ma
maha = luwih. maha agung: luwih agung. maha wikan: luwih priksa. maha tirta: banyu agung, banyu gêdhe. maha dwija: pandhita gêdhe. maha rasa: panah linuwih. maha jana: wong linuwih. maha japa: puja linuwih.
mahawan = ngambah, ngliwati.
mahat = mêrês, ngêpuh, nyaring sarana umob.
mahatma = wêkasan.
mahas = nusup, manggon ing pasêpèn.
mahyas = maèsi, ngrêngga.
mahya = alok.
maèswara = maiswara: ratu.
maèrtambang = mêtêng.
maom = muja.
mausadi = jamu, tamba.
maup = mêmule.
mana = ati. yumana: lêganing ati, ati bêcik. kayu manan: kaslamêtan.
--- 122 ---
manahên = nahan, ngampêt, nyandhêt, mênggak.
manaruhi = notohi.
manadukara = jumurung, anjurungi, ngrujuki, ambiyantoni.
manawung = nganggit, ambarêngi.
manawur = nyêbar.
manadha wara = matur.
manabda = calathu, kôndha.
manira = aku.
manitra = nulis.
manilib = nyilib, andhêlik.
maniyup = nyêbul, andamu, nepasi.
manik = sêsotiya. manikmaya: sêsotiya linuwih, sêsotiya gumilang. manik nawa rêtna: sêsotiyawarna sanga.
maneka warna = maneka-neka: warna-warna, mônca warna.
manèp = nglimpe.
manrang = nunjang, nêmpuh, nrajang.
manuwara = ngrêsêpake, tanduk manis, ngarih-arih.
--- 123 ---
manukma = nitis, nêlik, nyamun.
manundha = nungsun, ngundha.
manungku = mêlêng. manungku puja: mêlêng mêmuja.
manêkung = mêmuja.
manêbah = ngadoh. nêbak.
manêngkung = monêngkung: nyêrêng, mêsu, marsudi bangêt.
macarana = ngrêngga.
macu = nyikut.
mara = aku, ayo.
marawaya = mrawaya: mili, andalèwèr. marawayan, mrawayan: dlèwèran.
marikêlu = andhêkukul.
marindang = anggorèng.
maru = timbang, sisih, tandhing.
maruta = angin.
marêki = nyêdhaki.
makala = kancil.
madura = madu: lêgi.
--- 124 ---
madukara = kombang.
madubrata = kombang.
madya = sêdhêng, têngah, samadiya: sêdhêngan, gajah.
madya gantang = awang-awang.
madyantara = awang-awang.
mataya = anjogèt, ngigêl.
matis = adhêm, kadhêmên, krasa adhêm.
matyas = mikir.
masih = maksih. misih: isah.[15]
mawantu = mantu, ambantu.
mawra = warata.
mawèh = gawe.
mawur = sumêbar, nyêbar.
mawuk = murungake, ngamuk.
mawrung = mamprung.
mawêrdi = andadi, tulus.
malaya = lêpas, mlana, lêlana.
--- 125 ---
malat = nênangi, golèk. malatkung: nênangi susah, golèk susah. malat sih: golèk asih.
maleca = cidra. maleca ing jangji: cidra ing jangji.
malela = lêmbut.
maluya = bali.
malêtik = mancolot.
mla = mlê: kêcut.
maya = gumilang, bêning, padhang. maya-maya: gilang-gumilang.
mamak = lamur, picak.
mami = aku.
magut = nrajang, nêmpuh, narungi.
mabonglot = oncat, nglungani, ngoncati.
mangayu bagya = anjurungi, ngrujuki, ambiyantoni.
mangamêr = ngarih-arih, ngrêrapu.
manglah = lara.
mangu = mandhêg tumulih.
--- 126 ---
manguntur = sitinggil. manguntur tangkil: bangsal cilik ing sitinggil kanggo siniwaka.
mangimur = ngarih-arih, ngrêrapu, nglêlipur.
mangintya = ngincêng, nginjên.
mandana = ruwêd, bundhêt.
mandara = ngrêngga, maèsi.
mandari = mimi.
mandakini = bale kambang.
mandakiya = bale kambang.
mandata = madoni.
mandaya = nganggo piranti, maeka.
mandrawa = adoh.
mandira = mandera: wit waringin.
mandriya = mikir.
manduta = anduta: ngongkon, ngutus.
manduk = nuju.
mantya = luwih, bangêt. mantiyani: ngluwihi, sakamantiyan: ngluwihi, bangêt.
--- 127 ---
mantri wrêdha = mantri muka, mantri wisesa. mantri sesa: patih.
mandhaga = pantês.
mandhala = pulo, unèn-unèn, ênggon. mandhalasana: ênggon unèn-unèn.
mandhegani = manggêdhèni, nindhihi.
marna = ngrupa, ngrêngga, nganggit. marnani: rupa-rupa, ngrupakake, ngrênggani.
marca = uwong. marcapada: ênggon uwong, jagad. manusa pada: jagad.
markata = murub, ambranang, mêncorong.
mardawa = lêmês, alus. mardawani: nglêlêmêsi.
mardeya = gawe.
mardu = mêrdu: lêmês, alus.
martana = urip.
marta = adhêm.
martua = mara tuwa.
marpat = ngumpul, ngumpulake, nglumpukake.
marpêki = nyêdhaki, nyakêti.
--- 128 ---
maryana = ambudi.
marma = mula, wêlas. marmane: mulane. sumarma, pari marma: luwih wêlas.
marga = dalan. margalena: dalaning pati, dalane wong mati. samarga-marga: sadalan-dalan, turut dalan. marga suta: dalan bayi.
margana = angin, panah.
margadipa = marga pati: macan.
marbudi = nyipta, anggagas.
marbuk = sumrambah, warata, ngambar.
maksih = masih: isih.
matsika = klabang.
mas = patangatus. dhomas: wolung atus.
masma = angkêr.
masmu = sêmu.
mastuti = nyêmbah, ngabêkti, ngrujuki.
mancala = malik, malih. mancala putra: malik lanang. mancala putri: malik wadon.
--- 129 ---
manjanma = manjalma: nitis.
manjila = mêncil, andhewe, misah.
mangkara = gumêbyar. mangkara-kara: gumêbyar-gêbyar.
mangsêh = mangsah.
manggala = gajah, panggêdhe. manggalani: manggêdheni.
manggilut = ngudi, marsudi, mamah.
manggistha = manggis.
manggrui = nêmoni.
manggung = tansah, calon sêlir.
myang = sarta, karo, lan.
mranani = ngênani, nuju.
mracondhang = natoni, niwasi.
mradipta = murub, gumêbyar.
mrasada = anggêdhong.
mrawasa = ngrusak, nêmpuh, nrajang.
mrajaya = natoni, nêmpuh, nyuduk.
mrabawa = duwe prabawa.
--- 130 ---
miyarsa = krungu, ngrungu.
mina = iwak loh.
micapa = nubruk.
mirata = maras.
miraga = nglarani, gawe lara.
mirong = kêmul, masang, nganggo rimong.
miruda = minggat, lolos.
midosa = ngukum.
misrama = enak, mirasa.
misaya = miranti, golèk sarana piranti. misaya mina: golèk iwak.
miwah = sarta, karo, lan.
milangêni = malangoni:milangoni
gawe asri, gawe bungah, nyênêngake.
milir = ngèli.
miluta = ngarih-arih, mulasara, ngrêrapu.
miya = ngêndhoni.
miyatani = nyatani, nêmêni.
miyaga = miyagah, miyagahi: nguwasani.
--- 131 ---
miyat = nonton, andêlêng
minta = nglugas, anjaluk. mintaya: anjaluk. mintasraya: anjaluk tulung. minta raga: nglugas raga.
mimba = mêtu.
merang = isin, wirang.
mèdi = silit
mèsi = isi
mèpu = sumuk, panas, manasi.
mendaka = cêmpe.
mentar = mintar: lunga.
mèt = mèmèt: golèk.
mèstu = umèstu: nyêmbah, ngabêkti.
mènjèng = lonthe, kênès-mèndès.
moha = murka, kêthaha. drêmba-maha: drêmba tur kêthaha.
mohita = susah. kamoitan: kasusahan, nandhang susah.
moda = wêngku.
mojar = kôndha, calathu.
--- 132 ---
môndra = sugih, luwih.
mong = rimong, arimong: macan. mongging ranu: baya.
môngka = minôngka.
môngga = pisan, anggawêr, anggôndra, têgêg, datan môngga puliha: ora pisan pulih, ora anggôndra pulih.
muara = wêkasan, plabuhan.
munah = ngrusak, nglêbur.
munya = munya: muni.
muni = pandhita. muniwara: pandhita gêdhe. munindra: raja pandhita.
muram = nyimpang.
mure = modot. dirgamure: modot dawa.
muka = rai, mantrimuka: patih.
musika = tikus.
musrik = sêkuthu, madhani.
musus = nguyêg.
muwus = kôndha, nangis.
mudha = ênom. roning mudha: êlung. ratu mudha: ratu anom. mudha pangarsa: panggêdhe ôngka loro.
--- 133 ---
mundhing = kêbo.
murca = ilang, pisah, tiba. murcasing ngêmbanan: pisah saka êmbanan, tiba saka êmbanan.
murcita = klêngêr, sumaput, tiba.
murda = êndhas.
murti = cêcak, linuwih, tunggal. parimurti: linuwih, linuwih bangêt. trimurti: têluning atunggal. murti gung gora sabda: têkèk.
murba = nitahake. murbèng jagad: nitahake jagad.
muksa = musna, sirna anglês.
mungkar = ala.
mêne = saiki, mêngko.
mêjana = sêdhêng. dêdêg mêjana: dêdêg sêdhêngan.
mêlagar = ngobong, nglarag.
mêluk = ngrangkul.
mêta = ngamuk. gajah mêta: gajah ngamuk.
mêmêla = mêmêlas, mêlas asih.
mêrcu = marcu: gêni. mêrcon, mêrcon: dolanan kang mawa gêni.
--- 134 ---
mêpêk = mèh, andungkap.
Ga
gana = lanang, tawon.
ganal = agal, gêdhe.
gatra = êlèng.
gati = pêrlu, têmên, kêkêtêk, wigati: luwih pêrlu. anggatèkake: mêrlokake, nêmêni, tumêmên.
galiga = gliga: uci-uci.
galuh = prawan, wadon.
gapura = lawang, kori.
gadhung = ijo. gumadhung: ijo royo-royo, ijo ijone.
gagal = mrucut.
gagana = awang-awang.
gathita = êjam
gwah = mungguh, bab. gwah laksitaning jana: mungguh lakuning uwong.
--- 135 ---
gandya = wujud. gandyaning wônda: wujuding awak.
gandarwa = dewa, gêndruwo. gandarwa sura: dewa lanang.
gandês = pantês.
gantya = ganti.
gardaba = warak.
garjita = gagasan, angên-angên. anggarjita: anggagas, ngangên-angên.
garba = wêtêng, ringkês. garban: ringkêsan. ginarba: diringkês.
garbini = anggarbini: mêtêng.
gra = agra: pucak. sumêngka agraning wukir: munggah pucaking gunung.
grandim = jagung.
gya = banjur, nuli, enggal.
gambira = bungah, berag.
gambiralaya = sagara.
gambuh = dhamang, pintêr, prigêl.
gini = wadon: gana-gini: barange wong lanang wadon.
--- 136 ---
giri = gunung. wanagiri: alas pagunungan. girindra, giriwara: gunung gêdhe. girilaya: gunung bêbanjêngan, gunung kuburan.
girisa = kêkês, miris.
giro = gila: kagèt kêbogiro: kêbo kagèt (araning gêndhing).
gita = rikat, anggit. ginita: dianggit. gitaya: anggitan, gathèkan.
giwang = sêling.
gili = punthuk, gumuk, pulo. anggili prapta: kaya gumuk têka.
gile = tumbar, katumbar.
gilut = mamah, udi. manggilut: mamah, ngudi, marsudi.
giyota = prau.
griwa = githok, cêngêl.
gintungan = kusambi.
genda = dadah.
gora = gêdhe. gora sabda, goraswara: ambêngok, anggêro. gora pracôndha: prahara. goraya: luwih gêdhe.
goragadha = aru-biru, gludhug, umuk, pamèr.
--- 137 ---
gothaka = gêrbong, guwa, rata gothaka: kreta gêrbong, kreta tutupan, kreta pêtêng.
guna = kapintêran, pangasihan. kêna guna: kêna pangasihan. gunawan: kapintêran linuwih.
gunita = gunêm, rasan. ginitan: gunêman, rarasan. gumunita: anggunêm.
gutis = sikut.
guling = turu. gumuling: gumlindhing, gumlinting.
guluda = gorokan.
gupala = rêca.
gupita = budi, anggit. ginupita: diparsudi, dibudi dianggit.
gupuh = enggal.
gumulung = gumlundhung, glundhungan.
gubah = ronce, anggit. gubahan: roncèn. kagubah: kaanggit.
gundhala = trêbang.
guntur = gludhug.
gurnita = rame, gumuruh, gêlap.
--- 138 ---
gurniti = kilat.
gurnang = gong jumêgur.
gurda = kayu wringin, wit waringin.
gusthi = gunêm, rasan. ginusthi: digunêm, dirasani.
gul-gula = mênyan.
gung = agung: gêdhe.
gênêng = mênggêr, dhuwur, punthuk, gumuk.
gêrah = gludhug.
gêrot = bondhot, bulêd. alas gêrotan: alas bondhotan, alas gêdhe.
gêtêm = bêton kaluwih.
gêlar = tata. ginêlar: ditata. gêlaring prang: tataning prang.
gêpila = kêpila: putih.
gêmpang = sirna, rusak.
gêng-gêng = jèjèr-jèjèr.
grêndaka = banthèng kawak.
--- 139 ---
Ba
bahak = rayah. ambahak: ngrayah. ambêbahak: anjarah rayah.
bauwarna = gêlang.
bana = panah, alas gêdhe. banaarja, bana rêja, banarja: têgal, ara-ara.
banas = setan. banaspati: lêlêmbut gêni mêtu saka ing bumi.
banawa = prau.
bacira = alun-alun, ara-ara.
barong = gombyok. singa barong: macan duwe gombyok. barongan têtironing singa barong.
baruna = banyu.
barung = barêng. binarung: dibarêng.
baki = cèlèng.
basu = têkèk.
basuki = slamêt. andum basuki: andum slamêt.
bawana = jagad. tribawana: jagad têtêlu endrabawana: jagad linuwih. kadewan, kahyangan, suralaya.
bale = ambèn, omah. bale pustaka: gêdhong buku.
--- 140 ---
balendar = blèndèr: lunyu. blèndèran: lunyon, lonthe.
baluwarti = bètèng.
balênggi = blênggi: gombyok. blênggèn: nganggo gombyok.
badhong = pawadonan.
bajra = angin. bajrapati: prahara.
bayu = angin. bayubajra: prahara.
baga = pawadonan.
bagaskara = srêngenge.
bagya = bêgja, slamêt, bage. pambagya: pambage.
babu = biyung.
bathara = dewa.
bathari = widadari.
bathara gana = mega.
bathu = urun. bathon: urunan.
bah rubah = barubah: rusak. barubahing galih: rusaking ati.
bahna = banjir.
bahni = gêni.
--- 141 ---
bandana = beka, tali. kabandana: ditalèni.
bandarakan = padarakan: urakan. pidak bandarakan: turune wong urakan.
bantala = lêmah. bantala rêngka: nêla.
bandhung = gêdhe, sungsun. sumur bandhung: sumur gêdhe, sumur sungsun.
bangkit = bisa, pintêr.
baskara = srêngenge.
bagna = rusak, ilang, lêbur. bagnawirya: ilang kamuktène.
banjar = urut. bêbanjaran: urut-urutan. ambanjari: ngurut, mrênca.
bamban = wiwit.
bra = ratu, murub, ambranang, warata.
brana = barang, tatu. nandhang brana: nandhang tatu, kataton. rajabrana: rajaning barang, mas intên.
brakara = sulung.
brakithi = sêmut.
brata = laku, tapa. yogabrata: laku bêcik. tapa brata: laku tapa.
--- 142 ---
braja = gêgaman.
brama = gêni. bramastra: panah gêni.
bramantya = bramatiya: muring, nêpsu.
bramara = brêmara: kombang.
braminta = susah.
brahma = gêni.
brahmana = pandhita lanang.
brahmani = pandhita wadon.
brastha = rusak, lêbur.
brangti = susah, birai.
byantara = ngarêpan. ngabyantarane: ing ngarêpane.
byakta = yêkti, têmên. kabyaktan: kayêktènan.
byat = bwat: abot. kabyatan: kabotan.
bina = gila, anggilani. kabina-bina: kagila-gila.
birawa = bungah, muruh, luwih rowa.
birat = ilang.
bisama = wicaksana.
--- 143 ---
bisik = bisika: parab, juluk, jênêng. bêbisik: pêparab, jêjuluk.
bijang = pundhak.
bijaksana = wicaksana.
biyada = prawan, wong wadon.
biyas = pucêt, kucêm.
bima = anggêgilani.
bimana = abimana: linuwihing ati, ati bêcik.
bibi = biyung.
binda = tumpang. binda upaya: tumpanging paekan.
bintala = gandhewa.
biksa = lêlêmbut.
biksuka = sapi.
blitar = têmbaga.
blilu = bodho. bodho blilu: bodho bangêt. blilu tau: bodho nanging wis tau.
belu = jagang.
bèji = tlaga, sêndhang, blumbang.
bèngkas = ilang, rusak.
--- 144 ---
bolot = dhangkal, rêgêding awak. kokot bolot: gêbèl dhangkal.
boja = pangan. bojana: mangan. kêmbul bojana: pista. bojakrama: pasuguh, pambage.
boma = bomantara: awang-awang.
boga = pangan, rêjêki. sandhang boga: sandhang pangan. ngupa boga: golèk pangan.
bonglot = lunga, oncat. mabonglot: oncat, ngoncati, nglungani.
bônda = tlikung, tali, pêrang. bondawala: pêrang ijèn, pêrang tandhing. bondawala pati: pêrang ijèn rêbut pati. angrok bondawala pati: nglabuhi pêrang ijèn rêbut pati.
botrawi = sêndhang.
brôngta = birai, susah.
burat = borèh.
budaya = budi, pikir.
buwahpada = dlamakan.
buja = bau, tangan.
bujakara = kêlat bau.
--- 145 ---
bujôngga = ula gêdhe.
bumi = lêmah.
bungkul = wungkul: wutuh. bungkulan, wungkulan: wutuhan. sabungkul: sawutuh. wiji wungkul: wiji wutuh.
buntala = panah, gandhewa.
bêsta = bonda. kabêsta: kabonda.
bêntar = dhuwur. sitibêntar: sitinggil.
Nga
ngacari = ngancari: ngaturi.
ngacarani = ngancarani: ngaturi, ambagèkake.
ngacintya = andhêmêni.
ngaras = ngambung.
ngarip-arip = ngarêm-arêmi. pangarip-arip: pangarêp-arêp.
ngadiraga = ngasrèni awak, manganggo bêcik.
ngadiyah = ngluwihi.
ngawiyat = awang-awang.
--- 146 ---
ngalika = nêlik.
ngalul = ngulinakake.
ngalunapung = tansah nêpsu, têrus nêpsu.
ngapilangên = nyumbana.
ngayap = ngiringake, ngadhêp, ingayap: diiringake, diadhêp.
ngayubagya = jumurung, nayogyani.
nganyut = andudut. nganyut driya: andudut ati. nganyut tuwuh.
ngamandaka = gawe-gawe, doracara.
ngamêr = ngarih-arih, nglêmêsi, ngênêng-ênêngi.
ngandani = ambêciki.
ngantaka = matèni.
ngantyani = nganti, manganti: ngêntèni.
ngandhêmi = ngrungkêbi.
ngranuhi = saya krasa, muwuhi.
ngratika = nyipta.
ngrajaniti = ngadili.
ngrantam = nata, ngrancang, anggladhi, ngulinakake.
--- 147 ---
ngrantêg = ngiyêg-iyêg.
ngrancana = anggodha, nganggit, ngrêngga.
ngrancaka = ribêd.
ngaksi = nonton, andêlêng.
ngascaryani = anggumuni, ngeram-eramake.
ngastawa = nyêmbah, ngabêkti. pangastawèng ulun: pangabêkti kula.
ngastuti = nyêmbah, ngabêkti. nawala kanthi pangastuti hamba: sêrat saha pangabêkti kula.
ngasthaka = anggayuh, ngangkah.
nglancari = nglêpasi.
ngisapu = mangku.
ngimur = nglimur: nglipur, ngarih-arih.
nginte = nginjên. juru panginte: mata-mata, têlik.
ngisthawa = nyana.
ngimpun = ngumpulake.
nginggut = mlirik, nglirik, mlerok.
ngripta = nata, nganggit. pangripta: panata, panganggit, pangarang.
--- 148 ---
ngling = kôndha, calathu.
ngrima = anjambak.
ngèstrèni = anjurungi, ngrujuki, nêksèni.
ngèstupada = ngabêkti.
ngèpi = nyêbari.
nguni = biyèn, dhisik.
nguniwèh = utawa.
ngucup = ngucupi: nglêpasi. ingucup: dilêpasake.
nguruh = ngunthuk.
ngudara = mêtêng.
ngudakani = ngilèni banyu.
nguswa = ngambung.
ngulul = ngrêngga. pangulul: pangrêngga.
ngupadi = ngupaya, golèk, anggolèki.
ngujwala = sumorot.
ngujiwat = awèh ulat. ngujiwati: tansah awèh ulat. pujiwati: wong kang gawene awèh ulat.
--- 149 ---
ngumala = sumorot.
ngênguwung = sumorot, gumêbyar.
ngrujit = nyuwèk, nyuwir, nganggit.
ngrurah = ngrusak.
nglut = ngoyak, amburu, ngêsuk.
ngumbara = ngambara: mabur.
ngrumpaka = ngrupaka, rumapaka:[16]
nganggit, ngrêngga.
ngungkih = ngangkah, ngarah.
ngrompak = ambègal, ambajag.
ngong = aku.
ngongkal = nyongkèl, ambungkar, andhungkar.
ngêla-êla = ngeman-eman, andama-dama, ngalêmbana. ingêla-êla: didama-dama, dialêmbana, dieman-eman.
ngêmasi = mati.
ngêntar = ambegal.
ngênting = êntèk, ngêtog.
ngêndhanu = anggamêng.
--- 150 ---
ngênjali = mangênjali: nyêmbah.
ngêmbun = mundhi.
ngrêngih = ambrêngêngêng, rêngêng-rêngêng, ngidung.
ngrêmbaka = kêtêl, ngrêmbuyung, ngrêmpoyok.
ngrênggêp = nyêkêl.
--- 151 ---
Pathibasa: Kawi - Jarwa.
2. Pratelan namaning kewan-kewan.
anauti = cacing.
arina = kidang.
arimong = macan.
alwang = kalong.
andaka = banthèng.
andini = sapi.
ardawalika = ula.
astati = rayap.
asti = gajah.
asmana = pikat.
asthi = gajah.
anjana = gajah.
angsa = banyak.
anggas = ibêr-ibêran.
ituwa = luwing.
uta = lintah.
ujêl = wêlut.
nauti = cacing.
naga = ula.
nagapati, nagaraja, nagaji, nagendra = ratuning ula
nitêh = ulêr.
cakarwa = mliwis putih.
caga = bêburon.
canthoka = kodhok.
cintaka = manuk cêkaklak.
cucur = manuk kêdhasih.
ramaja = bajing.
--- 152 ---
rimong = macan.
rewônda = kêthèk.
rêkatha = yuyu.
karaca = kijing.
karêndhi = mênjangan tutul.
kariti = sêmut.
kaka = gagak.
kaswada = kalong.
kawêwang = mêrak.
kaga = manuk.
kambing = wêdhus.
kratalasa = bulus.
kramika = ulêr.
kyama = pênyu.
kitiran = pêrkutut.
kejani = lutung.
kukila = manuk.
kuda = jaran.
kutu = tuma.
kuthila = kêthèk.
kurma = pênyu, bulus.
dirada = gajah.
dipara = gajah.
dipôngga = gajah.
durma = macan.
tanu = blungon.
tala = tawon.
tamuhana = prênjak.
tidharsa = manuk kêdhasih.
turôngga = jaran.
sata = pitik.
sawaja = bêlo.
sawung galing = jago atos.
salaba = laron, sulung.
--- 153 ---
samadya = gajah.
sardula = macan.
sarpa = ula.
sadpada = kinjêng, kombang.
srawa = sêmut.
swakuda = jaran.
singanadi = bajul.
singaranu = baya.
slira = mênyawak.
sukra = cèlèng.
sundara = bêkisar.
srênggala = asu ajag.
wanara = kêthèk.
wayasa = gagak.
wanteya = manuk garudha.
wardu gangga = lintah.
wancak = walang.
wraha = cèlèng.
winaya = anggang-anggang.
widhêng = [...][17]
wiyôngga = kodhok.
wriga = kidang.
wre = kêthèk.
wuling = uling.
wêca-wêca = kongkang.
wêgang = tikus.
wêrcita = cacing.
wêrka = ulêr.
wêrjit = cacing.
larwan = laron.
layap = rayap.
landhi = mênjangan ranggah.
larwa = gangsir.
lowe = luwing.
--- 154 ---
lusi = cacing.
lêmbi = walang.
lêmbora = iwak tômbra.
palwaga = kêthèk.
pracika = kala jêngking.
pragosa = kêthèk.
pusika = kucing.
dhandhang = gagak.
dhangdhi = gogor.
makala = kancil.
madukara = kombang.
madubrôngta = kombang.
mandari = mimi.
margapati = macan.
matsika = klabang.
manggala = gajah.
mendaka = cêmpe.
mong = macan.
monging ranu = baya.
musika = tikus.
mundhing = kêbo.
murti = cêcak.
murti gung gora sabda = têkèk.
gana = tawon.
gardaba = warak.
grêndaka = banthèng kawak.
baki = cèlèng.
basu = têkèk.
brakara = sulung.
brakatha = [...][18]
brakithi = sêmut.
bramara = kombang.
biksa = lêlêmbut.
--- 155 ---
biksuka = sapi.
bujôngga = ula gêdhe.
3. Namaning Peranganing Badan, Pangangge, sarta Rêrêngganing Badan.
asa = pawadonan.
asada = ilat.
antêlu = êndhog.
irah = jêrowan.
iku = buntut.
istadha = bathuk.
udara = wêtêng.
utamangga = êndhas.
usnipa = tutup gêlung.
anggas = gadhing.
nadya = bêbayu.
nasika = irung.
nala = ati.
nabi = wudêl.
nandi = bêbayu.
netra = mata.
newata = panganggo.
nêbah = tlapukan.
carana = athi-athi.
carma = walulang, kulit.
caksuh = suluhan.
curiga = kêris.
cuni = panunggul.
cêmbing = jenggot.
rajatadi = mas intên.
riwe = kringêt.
--- 156 ---
ruwastha = ugêl-ugêl.
rukmi = êmas.
kaosmurda = kêthu.
karêndar = sungsum.
kaki = sikil.
kawaca = kaprabon.
kawanda = gêmbung.
kalingking = jênthik.
kale = pênding.
kalêntit = itil.
karna = kuping, sungu.
karni = ambaning kuping, sungu.
kalpa = ali-ali.
kalpika = ali-ali.
kalbu = ati.
kisi = kancing gêlung.
keswa = rambut.
kocika = palanangan.
koce = sondhèr.
koswa = panganggo.
komis = brêngos.
kurug = kalung.
kurita = rante.
kukya = kuku.
kêning = alis.
dara = wêtêng.
darani = caping.
drastha = makutha.
drasthi = alis.
driya = ati.
dênta = gadhing, untu.
tatab = kêbuk.
taling = kuping.
tyas = ati.
--- 157 ---
tiwe = swiwi.
tungkat = têkên.
têkit = cêthik.
sarija = itil.
sadak = kancing gêlung.
salemuka = pilingan.
sandhang walikat = kêris
sardala = siyung.
sikara = tangan bau.
singsim = ali-ali.
sèntèl = kempol.
sonya = suwêng.
suweda = driji.
sulaksana = awak.
sulastri = patrêm.
sêlah = kêmbên.
wacu = klambi.
waju = klambi.
waga = pawadonan.
wanda = awak.
wardaya = ati.
waktra = rai.
wastra = jarit.
waspa = êluh.
wiso = usus.
wismaka = kêthu.
wèni = rambut.
lanat = cucuk.
lak-lak = têlak.
lidhah = ilat.
lik-lik = sêntil.
locana = pasuluhan.
ludaka = cêthik.
--- 158 ---
ludira = gêtih.
ludhaha = idu.
lungaya = gulu.
lêmak = gajih.
pani = godhoh.
panika = palanangan.
pacu = sikut.
pada = sikil.
paduka = sikil.
palam = daging.
payudara = susu.
paksa = uwang, swiwi, bau.
pranaja = dhadha.
praswa = githok.
prastha = githok.
prasthi = alis.
prambayun = susu.
puhun = jêmpol.
purus = palanangan.
pêrot = usus.
dhara = wêtêng.
dhiri = awak.
dhêsthi = alis.
dhrêstha = siyung.
jalagra = riyak.
jaludha = gadhing.
jatha = siyung.
johar = sêsotiya.
jêngku = dhêngkul.
manik = sêsotiya.
mirata = maras.
mèdi = silit.
muka = rai.
murda = êndhas.
--- 159 ---
gliga = uci-uci.
griwa = cêngêl.
gutis = sikut.
guluda = gorokan.
bauwarna = gêlang.
badhong = pawadonan.
baga = pawadonan.
bijang = pundhak.
burat = borèh.
buwahpada = dlamakan
buja = bau
bujakara = kêlat bau
4. Namanipun Têtuwuhan, Sêsêkaran sarta Sowohan
alaya = jae
agêr-agêr = ganggêng
ambawang = pakèl
canga = lombok
cêndhani = cêndhana
cêthèthèt = kêcipir
ratuh = lumut
rayung = glagah
rangin = dhadhap
randhêh = randhu
risakan = kiring
rondhon = godhong
rutan = pênjalin
rêwawa = luntas
kêkatang = sukêt
kalurak = kapundhung
--- 160 ---
kamal = asêm
kamijara = sêre
kroya = waringin
kunira = kunir
kuranji = asêm
kurita = oyod
kusuma = kêmbang
kumuda = kêmbang tunjung
kêtur = cêndhana
kêndhuru = wit gêndhuru
dukut = sukêt
duryan = durèn
tahên = kayu taun
taratya = wit trate
taru = godhong
taruwara = kêkayon
tarkas = endhong
tangke = êpang
tilarsa = lêmpuyang
timuna = timun
trêna = êlung
sahang = mrica
saing = cabe
sarasidya = kêmbang trate
sari = kêmbang
salatara = woh mlandhingan
singgang = poke dami
sumarsana = kêmbang kanthil
sêrah = suru
warêgung = gudhe
wratsari = kêmbang cêpaka
wratmaka = kêmbang gambir
winata = kêmbang tunjung
wila = maja.
--- 161 ---
wilaja = maja alas.
wipanca = dlima.
wot = oyod.
wulon = rambutan.
wêtis = pace.
wêlada = êlo.
wrêksa = kayu.
lata = oyod.
latuha = lumut.
latang = latêng.
lalang = alang-alang.
ladha = lombok.
limaya = jêruk.
limus = timun.
limbe = kimpul.
luda = tlutuh.
lêngis = waru.
parai = timun.
patra = godhong.
pala = uwoh.
palarêkta = bolu.
pantên = pari.
pandhana = pandhan.
padma = kêmbang tunjung.
pudhaka = kêmbang pandhan.
puspa = kêmbang.
puspakrêsna = tlasih.
puspita = kêmbang.
dhadhak = tlutuh.
dhukut = sukêt.
jirak = kapundhung.
jugul = boncis.
jêring = jèngkol.
nyu, ênyu = cêngkir
--- 162 ---
mandira = wit waringin
manggistha = wit manggis
grandim = jagung
gile = katumbar
gintungan = woh kusambi
gêrot = bondhot
gêtêm = bêton kaluwih
gurda = kayu wringin

Hak Pengarang Kaayoman Staatsblad. Sêrat punika bilih tanpa tôndha tangan, botên afsah kawontênanipun
Boekh S. M. DIWARNO
 




1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل

    BalasHapus