Selasa, 01 Januari 2013

GEGURITAN SD Muhammadiyah Purbayan Kotagede


SD Muhammadiyah Purbayan Kotagede

Geguritan SD Muhammadiyah Purbayan Kotagede

Geguritan
Geguritan SD Muhammadiyah Purbayan Kotagede 

Geguritan
28 Februari 2012
Program Geguritan hari selasa, 28 Februari 2012 menampilkan  siswa-siswa SD Muhammadiyah Purbayan Kotagede. Walaupun masih duduk di tingkat SD namun para siswa ini sudah berani tampil mengekspresikan bakat seninya. Pada kesempatan tersebut dibacakan sepuluh gurit yang merupakan karya dari sembilan panggurit. Judul geguritan tersebut antaralain,
  1. Damaring Jagad Karya Mas Gampang Prawoto, dibacakan oleh Malinda Ayu Kusumanungki
  2. Dosa omong dosa meneng karya AY Untung Rus Bintarto dibacakan oleh Erika Nur Rahmawati 
  3. Jatining Konang, karya T. Wagimin dibacakan oleh Destiawatara  Saraswati Pratiwi
  4. Asung Pepeling, karya Dewi Dersanala, dibacakan oleh Dinta Maulidya Kalandara
  5. Cecaturan Marang Wengi, karya Gayuh R.Saputra, dibacakan oleh Yessi Amalia Rahmawati 
  6. Kedhung Atiku, karya Eny MS, dibacakan oleh Dhinta Mulidya Kalandara 
  7. Suling Bambu Runcing, karya Djaimin K, dibacakan oleh Helmi Nur.Azhar
  8. Tuwuhing Tetanduran Wewangi Pamuji Sawiji, karya Joko Susilo, dibacakan oleh Wulan Nurul Fatika
  9. Aku Pasrah, karya Ardini Pangastuti,BN, dibacakan oleh Fatika Amaliya Rahmah
  10. Kembang Mawar Mawa Ri, karya AY Untung Rus Bintarto, dibacakan oleh Anisa Indah Saputri
Berikut beberapa pethikan karya gurit yang dibacakan oleh siswa :

Geguritan 


Damaring Jagad
Anggitanipun : Mas Gampang Prawoto

ngger......sadawane tipak  rodha cikar, 
mesthi ngetut lacak lakune sapi

ngger damar,  sadawane pager yen saka ijone tanduran
bakal disenggut kewan ucul saka kawaran

ngger damar, sing ngati- ati,   
iki dudu wedang teh,  ning whisky
iki dudu permen blis,  ning ekstasy, 
lamun banyu segara munggah darat iku tsunami
aja lali, esuk sekolah sore ngaji.   
sangu urip celengan mati.

ngger damar,aja kliru, 
iku dudu petis, ning candu,
iku dudu gulawatu, ning sabusabu
lamun bumi horeg, lemah bengkah, iku lindhu,  
aja lali..sregep sinau ora tau ora mlebu,  
mituhu dhawuhe guru lan ngabekti bapa lan ibu

ngger damar waspadakna,  
iku dudu godhong wijen, ning  ganja,  
iku dudu glepung tempe,  ning mariyuana.  
lamun srengenge lan bulan rerangkulan iku grahana.
aja lali,  lakune urip- uga uripe laku lakonana 
sabar, sareh, sumeleh, nrima osike kang maha kuwasa.
damar, damar, damaring jagad, urip lan nguripi,  milah lan milih paugeraning,
 urip  kang  jati.


Dosa Omong Dosa Meneng
Anggitanipun :  Ay Untung Rus Bintarto

omong iku tembung kedaling lesan,   muna-muni obahing lidhah lan lathi
mangka wahyaning ati,  ati tulus resik murni ,  mbabar tembung manuhara
ulat manis laku utama,   akarya enaking nala
kosok baline,  ati reged kebak dosa,  mbabar tembung kasar,  swara sugal
nyekrok , nylekit, gawe serik lara ati,   iku klebu ewoning dosa omong
dosa meneng ....iki bisa dumadi,  lamun kita  krungu  lan nyipati,  ubyur gotheking tembung  panyatur alaning wong liya,  ing kahanan  iki kita kudu wani nyaruwe
elik elik  iku ora prayoga,  tundhone bakal nuwuhake gendra
eling wong dhemen ngrasani pindhane ula,  ilat cawang loro, cangkem mawa wisa
iki yekti mbebayani,  malah ujaring kandha : ‘kedaling tembung ala iku luwih landep katimbang tajeming pedhang “.  mula elik elika yen ana wong nyatur ala, aja amung
meneng kewala, iku klebu “dosa meneng”  saora orane “ ana catur mungkur “



Jatining Konang
Anggitanipun : T. Wagimin.

puluhan taun konang wus padha ngilang,  konang kang kinarya pepadhang
saiki wus datan sinawang, menyang ngendi lungamu konang ?
apa iki kang jeneng pralambang ?
aku wus kangen marang karyamu,  kang sayekti tulusing kalbu
weh  pepadhang ing wanci dalu,  marang janma kang kepetengan laku
aku butuh pepadhangmu
jaman saiki jaman mutakir,  padha ngagungake dayaning pikir
numpuk donya tan wruh ing jaman akhir,  srana sakeh prekara padha diplintir
yen kepengkok ndadak isih mukir,  sanajan tan wurung jinaga sang sipir
oh konang...... aku getun kedhuwung,  wit  tan   maelu pituduh mungguh
kang tinandur telenging sanubari,  awujut ati nurani
konang paring dalem gusti,   ya jatining konang.



Asung Pepeling
Anggitanipun  : Dewi Dersanala.

ujaring paniti sastra asung pepeling,  lamun sira darbe penggayuh
aywa wedi marang teteki,  narima ing samubarang karsa
gung mestuti darmaning sedya
tuhu iku laku utama,  amerangi tindak culika, 
haywa kongsi darbe watak ngamandaka
undheraning bakal nemahi cilaka,  nadyan den tamengi waja
poma den emut piweling jati, eman yen ta ngantos katalompen,  raharja ing sedya mulya,   kinarya amestuti salwiring karya,    ambuka wiwaraning marga
wecaning brahmana yekti,  ing samangkya dadya  pepeling,   nalisir bakale kejungkir  angluhurna asmaning pangeran,  netepi dharmaning kautaman
kukuh mamayu hayuning bawana,  mligine jalma ing alam  pada.



Cecaturan Marang Wengi
Anggitanipun :  Gayuh  R. Saputra

wengi iki dak ukir,  rasa kapang marang lintang,  saka ati punjering katresnan
ngronce tetembungan marang rembulan
wengi iki dak kidungake, tembang asmarandana,  kanthi kairing swara gamelan laras slendro,  ngrantu tekaning penganten anyar
wengi iki dak gambarake, wujuding wewayanganmu, saka pangkoning lintang wengi
bakal dak pandeng sajroning pengangen angen
wengi iki rembulan ndadari,  nyekseni anggon kucecaturan marang
panguwasa wengi nyuntak pangrasa kang isih durung wedhar, 
marang putri prameswari


Kedhung Atiku
Anggitanipun  : Eny Ms

ing jero atiku ana mbulan,  endah rinengga mega putih arak arakan
yen sliramu pengin nglukis ing kanvasmu,   sawangen kang permati nganggo atimu
ing jero atiku ana srengenge,  sing tansah madhangi lakuku saben dinane, yen sliramu ngersakake cahyane,  jupuken nganggo tuluse asihmu ora mung gawe gawe
ing jero atiku uga ana kedhung, papan kanggo kungkum yen –pikir lagi bingung
ya gene  ngerti- ngerti ana ati sing kecemplung........?


Suling Bambu Runcing
Anggitanipun :  Djaimin. K.

jaman lara lapa,   iki bambu runcing anyuwara nyaring,   merdeka  atau  mati
iki dina bambu runcing  ginawe suling,  ing pangangkah lamun  sinebul  dhimen ngambali anyuwara  nyaring,   nanging ya gene swarane loyo ?  tan cumengkling, 
agawe  mrinding ?   tan kuwawa  nggugah ati,     mbok menawa  kaperbawan jaman kang sarwa lelamisan,   menceng adoh,  esthining pangimpen, anggayuh dina kalis papa cintraka,  medhaki pertiwi kanthi wangi kesturi
suling tengkeran bambu runcing,  tak  ajab bali gumregah anyuwara nyaring
dhimen sakehing  reretu lumayu nggendring


Tuwuhing Tetanduran Wewangi Pamuji Sawiji
Anggitanipun  : Joko Susilo

pancen tak sengaja nandur mega ing padharanmu, dak anti ron pakis aji tuwuh saka garbamu, uga dak sengaja dak tinggal rikmamu ing dhasaring pasareyan,
dak perang dadi telu,  dudu gelu ananging ron sekar arum dalu.
aja leren,  anggonmu najemke netra,  karana padmamu teka ing wates wangine
kaloron ron,  kang wus sinebut suluh,  muga medhar tinandur katur sulur piranti
bumi ,  pinangka piwedhar,  serat saka suburing bawana
kang kapisan oyot,  kang kapindho  wit,  kang katelu carang, kang pungkasan ron
ron dudu piwelas kang kapat,  ananging iku suling gadhing,  trus munggah sasirah
tumekan mega, tanpa asta, ananging bisa ngasta wangsul peteng dhedheting mega
carang tan gumarang,  trus nembang, sarempang slendhang kuning, pramila tanah
pasarean tansah ngripta gendhing,  mendhung mung langkung.
wit pinangka wot,  wewangining arum dalu,  satuhu saka saserah mring grana tanpa lara,  lelaku sarujuk sakarep endhaning  mega
oyot kang kapisan,  sanajan jero, ananging terus nyandhing mega, dudu weweden,
iku tekaning pati,  sakabehing tuwuh tetanduran wewangi pamuji sawiji.


Aku Pasrah
Anggitanipun : Ardini Pangastuti, BN
mangsa tansah gilir gumanti,  wis tak cecep sakabehe  rasa panguripan
liwat gelaran lakon,  sing kadhang gawe komete pikir lan nelangsane ati
nanging uga isih   kerep tak temu, rasa bagya mulya,  nyunari kalbu,  mahanani jangkah krasa entheng, najan kudu nasaki bebondhotan urip sing ora karuhan
ing pungkasane aku mung bisa pasrah,  merga,  utegku ora gaduk mikirake apa kersa  mu, apa rencana  mu,  ing suwalike reroncen lakon
sing kudu tak ayahi lan uga tak ayati



Kembang Mawar Mawa  Ri
Anggitanipun :  Ay Untung Rus Bintarto

kembang mawar yen cinadra,  makutha silih rupa neka warna
abang, putih, biru, kuning, jingga  yekti agawe reseping nala
mawar yen ta nedheng mekar, mbabar ganda ngambar ambar, bremara mara ngisep
sarining sekar, wiwit pletheking surya, tumeka lingsiring sunar
eman.... gagang mawa ri,  lancip tajem mutawatiri, sapa tan weka nggrayang gagang, tangan tatu gubras getih,  angluh sambat rasa perih
yen ginoyang goyang kombang,  makutha gampang rontog  tumiba lemah
nanging kombang kudu dahat ngati ati,  tan tatu tajeming  ri
yekti  ri  iku ngayomi,  dimen makutha tetep katon asri,  endah sinawang, ngresepake ati.  sumurupa !   iki karya dalem gusti.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar