Senin, 01 September 2014

FACE BOOK SEBAGAI WAHANA PEMERTAHANAN BAHASA IBU

gampang-prawoto.blogspot.com


MAKALAH SEMINAR INTERNASIONAL BAHASA IBU DI BALAI BAHASA BANDUNG, 18-19 Agustus 2014
FACE BOOK SEBAGAI WAHANA PEMERTAHANAN BAHASA IBU : GEGURITAN
ESTI ISMAWATI

UNIVERSITAS WIDYA DHARMA KLATEN

ABSTRAK

Makalah ini akan mendeskrpsikan peran face book dalam pemertahanan bahasa ibu dalam bentuk geguritan berbahasa Jawa. Pertanyaan yang akan dijawab adalah : (1) mampukah face book menjadi sarana pemertahanan bahasa ibu (bahasa Jawa)?. (2) Bagaimanakah bentuk geguritan dalam face book?. (3) Layakkah geguritan dalam bahasa Jawa itu dikatakan sebagai karya yang bernilai sastra?. Metode yang digunakan adalah deskriptif inferensial, yakni mendeskripsikan geguritan dalam face book yang dimuat dalam bulan Maret 2014 hingga bulan Mei 2014. Dari hasil analisis dapat disimpulkan bahwa: (1) face book mampu dijadikan sarana untuk pemertahanan bahasa ibu (bahasa Jawa) karena face book merupakan media jejaring sosial yang murah dan meriah. Penyair atau penulis tinggal mengunggah karyanya di face book tanpa harus menunggu kapan dimuat. (2) bentuk geguritan yang ada di dalam face book sangat beragam tema dan bentuknya, sangat menarik isi atau pesan yang ditulisnya, dan sangat indah bahasa Jawa yang digunakannya. (3) geguritan dalam bahasa Jawa yang dimuat di face book sangat layak dimasukkan dalam kategori karya sastra yang bermutu, yang mengandung nilai-nilai sastra yang sangat beragam, dan dapat dijadikan sebagai bahan ajar dalam pembelajaran bahasa ibu bahasa Jawa. Dengan kenyataan ini dapat disimpulkan bahwa bahasa ibu (bahasa Jawa) tidak akan tenggelam bahkan diduga akan terus dapat hidup subur karena selalu digunakan dalam kehidupan masyarakat modern (masyarakat sekarang) hingga kapan pun jika bahasa tersebut tetap digunakan dalam media sosial.
Kata kunci : face book, bahasa ibu (Jawa), geguritan.

Pendahuluan
Di era hightech sekarang ini dunia terasa kecil karena batas-batas antar negara tiada lagi setegas dulu. Bahkan batas-batas itu hilang dengan munculnya teknologi komunikasi dan informasi yang cepat dan murah seperti face book, twitter, whassap, instagram, dan seterusnya yang menjadi ciri kehidupan modern. Tak pelak lagi, bahasa dunia yang digunakan tentulah bahasa negara-negara adi daya, bahasa Inggris. Kita pun menjadi was-was, mampukah bahasa ibu (bahasa daerah) terus bertahan di era modern ini?. sebagaimana diketahui bahwa kelangsungan hidup suatu bahasa sangat dipengaruhi oleh seberapa besar bahasa itu digunakan oleh komunitasnya. Peran bahasa ibu (bahasa etnik pun) mulai terpinggirkan. Padahal bahasa daerah atau bahasa ibu adalah bahasa cinta kasih, bahasa watak kita yang pertama, bahasa komunitas yang pertama. Dan kita pun khawatir bahasa ibu kita akan tenggelam. Apakah kekhawatiran akan tenggelamnya bahasa ibu (dalam hal ini bahasa Jawa) betul-betul menjadi kenyataan?. Berikut ini hasil survei yang saya lakukan di media jejaring sosial face book selama tiga bulan, dari bulan Maret hingga bulan Mei 2014. Dari survei selama tiga bulan di face book, ternyata bahasa ibu digunakan oleh pengguna fb untuk berceloteh, solilokui, atau ungkapan-ungkapan motivasi diri yang berupa kalimat-kalimat pendek seperti berikut ini :
“nyakseni kule ing setuhune boten wenten pengeran kangden sembah anging Allah, lan nyakseni kule ing setuhune Kanjeng Nabi Muhammad niku utusane Allah”. (Muhammad Rois Rinaldi).
“ning dunya pira suwene, njur bali ing panggonane, ning akherat iku sejatine, mung amal becik, sangune aja ngucap bodho ya ben golek elmu kudu telaten”. (Wong Sien Thing). “ana sega mambu, nalika omah joglo, arang sinawang, angel tinemu. Apa pawangsulan, nalikane putra wayah, aweh pitakonan, kamangka, gaplek, karag lan karuk, bacut diurupake dolar”. Bojonegoro,18052014. Joglo. (Gampang Prawoto). anak-anakku sing apik2, tinimbang melu kisruh nghibah pilpres, melu pae wae: ngaji, dzikrul ghofilin, lan ziarah makam. ndadani atine dhewe wae. kabeh wis ana sing ngatur. sering-sering ziarah, ben eling yen awake dhewe bakal mati. lan yen wis mati, mengko ana sing ngenang apa ilang keterak lakune zaman”.
(Kusprihyanto Namma).


Hasil Penelitian dan Pembahasan
Penelitian ini berlangsung selama tiga bulan, yakni mulai bulan Maret sampai dengan Mei 2014. Dari kurun waktu tersebut ditemukan lima penulis geguritan yang sangat produktif menulis geguritan dalam bahasa ibu yang menjadi status-status mereka, yakni Dyah Sekartadji, Susilaning Hardjono, Yanti S Sastro Prayitno, Arieyoko, dan Gampang Prawoto. Yang terakhir ini tidak aktif. Data penelitian berupa geguritan. Geguritan yang diunggah di face book dibaca berulang-kali lalu dianalisis. Sebagai catatan bahasa ibu yang digunakan dalam fb bukan hanya dalam bentuk geguritan, namun juga dalam bentuk celoteh, berbagai bentuk ungkapan, dialog-dialog singkat, dan kata-kata mutiara. Dari hasil analisis dapat disimpulkan bahwa geguritan dalam face book itu dapat diklasifikasikan ke dalam kategori-kategori, sebagai berikut :
Kategori pertama, kategori pernyataan deskriptif. Kategori ini meliputi berbagai bentuk pernyataan tentang diri, tentang keadaan, tentang rasa hati (renjana), tentang dialog dengan diri sendiri (soliloqui) sebagaimana tampak pada geguritan-geguritan di bawah ini :

SURASANING ATI
Apa sejatine kang mbok lari / perang kurusetra wis lawas purna..
gendhewamu wis putung ajur sakwalang-walang...
apa isih guna,warastra-warastra kang tharik-tharik mbok tata
Apa sejatine kang mbok gantha? / menawa atimu wus rojah-rajeh tan mangga puliha...
tatu arang kranjang lan luntaking ludira / wus kuwawa gawe semplah jangkahira..
Nanging, yayi sliramu durung palastra.../ Isih kudu kokpecaki lurung-lurung dawa...
nadyan kanthi perihing ati / nadyan kanthi tatuning nala....
Memujia yayi.../ isih ana katresnan jati
kang nganthi kamulyan ing donya temekeng delahan
Semarang, 5 Agustus 2012. Yanti S Sastro Prayitno

Geguritan di atas berisi dialog antara aku lirik dengan seseorang yang disebut ‘yayi’ atau adik. Ia menanyakan apa sebetulnya yang akan dicari ketika perang telah usai dan luka telah menggores di sekujur tubuh jiwa dan raga?. Aku lirik masih optimis bahwa masih ada cinta yang sejati dalam kehidupan dunia hingga akhirat. Geguritan berikut ini adalah deskripsi keadaan pagi hari dipadu dengan suasana hati yang mencinta :

GURIT PARAK ESUK
Ing sepining parak esuk iki / bukaken korining tyasira Kangmas
sun kepengin leledhang ing impenmu / bebarengan lelayaran ing samudraning kalbu
Ing beninge bun-bun ing gegodhongan iki / sun titip kapangku
nadyan bakal sirna dening sunaring bagaskara / sesuk esuk bakal bali ngabyantara
Ing reseping angin esuk iki Kangmas / sun titip donga-donga suci
sumundhul ing ngawiyat / rumesep jroning ati / muga tresnaku-tresnamu tansah manggihi margi / tumuju karahayon sejati
Yogya, 12 Mei 2014. Yanti S Sastro Prayitno

Meski masuk kategori deskriptif, geguritan di atas bukan hanya mendeskripsikan keadaan pagi hari. Yanti S Sastro Prayitno juga berdoa agar cintanya selamat sampai pada kebahagiaan yang sesungguhnya, bukan kebahagiaan semu sebagaimana embun yang akan sirna jika terkena sinar mentari. Deskripsi mengenai suasana pagi hari juga tampak pada puisi yanti berikut ini :
“Saben ing bang wetan wus rantak-rantak kapuranta / aku setya ngenteni ing korining tresna
mapag tekamu nganthi prasetya / senadyan dalan rumpil jurang jero kebak bebaya
jer iku marganing mulya / jangkahmu tetep tumata
Rikala lintang panjer rina isih andher ngabyantara / elingen kangmas
aku isih setya ngrakit ukara / tambaning nala kang kapidhara
ing dina-dina kang kebak paeka
Lan rikala bagaskara wus leledhang ing akasa
ing kene aku tetep angranti marganing katresnan jati”.
Smg, 19052014. Yanti S Sastro Prayitno.

Kategori kedua, adalah geguritan sebagai alat pengungkap perasaan : cinta, kesetiaan, pengabdian, ketualusan, doa, dan seterusnya. Puisi berikut ini adalah ungkapan kesetiaan seorang perempuan (aku lirik) kepada seorang lelaki yang dicintainya. Bahasa yang digunakan dalam geguritan ini adalah bahasa Jawa sehari-hari tanpa gaya bahasa yang penuh bunga-bunga (sebagaimana yang sering digunakan dalam ‘nyandra’) sehingga geguritan ini mudah dipahami dan enak dibaca. Doa yang dipanjatkan kepada Tuhan pun serasa meresap dengan bahasa Jawa dalam geguritan di bawah ini :

DONGA WENGI
Atise wengi iki / ing sisaning udan wayah sore / ngregem kangen nabet ing ati / njalari wengi saya tintrim lan sepi / Ing sumribiting angin wengi iki / suntitip kapanging ati / kang tumus saka katresnan jati / nyawiji ing raos syukur mring Gusti
Dhuh, Gusti kang ngratoni tresna / ing wengi iki kepareng sun memuji
Paringana dalan lempeng lan suci / nyawijining ati loro kaiket ing janji
bebarengan gandheng kunca leladi / ngudi kuwajibaning titah
ing donya nganti alam sapupute iki
Meteseh, 21Mei 2012. Yanti S Sastro Prayitno.

GURIT KANGEN
Ing miditing angin wengi / Sun titip kapangku iki / Kekepen in dhadhaning ratri / dimen ngancani jroning ngimpi / Ing sepining dalu / Aku isih ngrakit kangen ing kalbu
Kepengin tak tali ing atimu / Dimen bisa ngancani nendramu / Dhuh, wengi kang edi / Geneya atiku datan kuwawa / Nduwa brantaning tyasiki / Nglari katresnan jati
Ing telenging ratri / sun titip donga lan pepuji / dadia mustika kang edi
ndayani katresnan sejati / Ing sepining angkasa / rungakna tembang asmarandana
tumiyub binarung sumribiting maruta / nganthi tresna kang nyata / Senadyan mung ukara
dadiya marganing mulya / karakit kanthi tulusing nala
mung kanggo sliramu, Kangmas paraning sedya
aja nganti lirwa ing kupiya / mugi Gusti tansah njampangi karsa / tan ana kupiya kang muspra
Semarang, 22 Mei 2014. Yanti S Sastro Prayitno

DONGA TRESNA ING WANCI RATRI
Rikala ratri wus prapta / wengakna korining nala / tumiyub endahing ukara
ngrakit reroncen donga / tumuju kang maha mulya / Rikala sepi sumusup jroning wardaya
biraten rasa sungkawa / jer urip pancen kebak rubeda / teteg tatag aja tidha-tidha
tumiyub donga kabuncang ing maruta / sumundhul ing ngawiyat ngabyantara mring kang maha kuasa / Ing wengi puniki / aja lali nganthi katresnan sejati / dimen tansah den ayomi
dening Gusti kang maha suci. Semarang, 25 Mei 2014. Yanti S Sastro Prayitno.

DONGA WENGI
Ing telenging ratri / sun titip donga lan pepuji / dadia mustika kang edi
ndayani katresnan sejati / Ing sepining angkasa / rungakna tembang asmarandana
tumiyub binarung sumribiting maruta / nganthi tresna kang nyata
Senadyan mung ukara / dadiya marganing mulya / karakit kanthi tulusing nala
mung kanggo sliramu, Kangmas paraning sedya / aja nganti lirwa ing kupiya
mugi Gusti tansah njampangi karsa / tan ana kupiya kang muspra
Semarang, 27 Mei 2014. Yanti S Sastro Prayitno

DONGA TRESNA ING WANCI RATRI
Angin semribit nyangking pawarta / pari-pari wus padha mrapu
udan wus arang tumiba / wangi sekar mlathi angambar ngebaki ratri
Wengine saya temuwa / kartika abyor padha seba
ngrenggani angkasa tanpa mega / muji syukur mring sang maha kuasa
Ing desa klairan / sepi kadya widadari tetembangan
ngumandhangake sekar asmarandana / rumambat rumesep jroning kalbu
sinawung miditing angin dalu / dadia sangu impenmu.
Semarang, 25 Mei 2014. Yanti S Sastro Prayitno.

AMPYAK AMPYAK SUKOWATI
kadya iring iringan perjurit / mangkubumi bedah kutha ngoyak kumpeni
blangkon, surjan lurik dadi seksi / keris, tombak lan tameng dadi aji
para satriyo narapraja tumplek dadi siji / mbelani negeri nyawiji rakyat bela pati
nyawiji Pangeran Mangkubumi / mandegani ampak ampak Sukowati
delengan surya sumirat ngawe-awe / bedah bumi praja merdhiko
sayuk rukun saeka kapti / marak sowan ngabyantara / caos upeti nyawa
lan tetesing ludira / kagem kuncarane negara / mbangkang tan sudi dadi gedibale walanda
(sugeng ambal warsa 27 Mei 2014 kutha Sragen Asri).
sragen , 27 Mei 2014. Sus S Hardjono.

DLUWANG JINGGA
Geneya durung prapta / Geneya isih semaya / Apa ora trewaca ing kana
Gurit katresnan ing dluwang jingga / Sing saben sore dak anggit bareng sumilire samirana
Nalika sonya anelahi mega / Kotabumi, lingsir sore. Dyah Sekartaji

LINGSIR WENGI
Lingsir wengi binarung sepi / Eling nalika kaaras pipi
Lan kok geget lathi / Kaya-kaya isih wingi uni
Miyak ati mecaki wengi / Ndlidir pindha laku kawuri
Kang linambar arum gandaning mlathi / Kepranan wewayang kang edi peni
Dhuh ati / Jagadmu ana ngendi / Kapan rasa kapangku iki arep diusadani
Kotabumi, madya ratri. Dyah Sekartaji.

N G L A N G U T
aku isih ing kene, kang / antaraning pangangening tawang kita
sangisore damar gantung lan tarupala / jroning omah joglo gapuk pereng arjuna
aku isih ing kene, kang / antaraning pangangen kang lana
sing sasuwenen iki nyelaki unine kasunyatan / kanggo nemokake werdining tresna
sing ora winates mung ana karep lan pepinginan
kangen iki isih nebet, kang / nanging rasa kangen kang ora beda kaya tembung kapang
sing kaucapake gegodhongan marang angin / sawuse kembang-kembang padha gogrog
prapta ing bumi. pereng arjuna,10 mei 2004. Dyah Sekartaji

Kategori ketiga, puisi-puisi kritik sosial seperti tampak pada geguritan di bawah ini :

NEGARA KERE I
apa negara iki wis kere tenan ta, paman / awit aku weruh playune uwong oyak-oyakan / ngoyok rembulan kerahinan / apa negara iki wis kere tenan ta, bibi / awit kayu-kayu sengkleh dibabati
kaspe-kaspe tanpa aji / gaplek-gaplek dipepeni / pawone wis ora bisa ngukus ambune dangdangan pari / lan angete kopi wis ilang tanpa lari / banjur sapa...? / sapa sing arep gugat marang isen-isening jagad / sing pijer royokan brekat / tan keguh kidung pangruwat
kotabumi, madya ratri, 1 Mei 2014. Dyah Sekartaji

NEGARA KERE II
ingendi dununge katentreman / awit kahanan wis ora nyawisake papan / kanggo pisambat lan
ngutahake pangrasane rakyat / sabab kabeh panguwasa / padha rumangsa wis dadi malaekat
hee,,panguwasa....!!! / galo sawangen / matamu rak ya weruh ta / bengawane padha asat
iwake megap-megap / padha ngelak gorokane
ya gene kowe kok mung pamer esem rupa kucem / kok gendhong, kok indhit
jebul isine mung genthong-genthong mlompong / lan mblegendhuke weteng kadut isi wisa sarta
jerohan rempela atine kawula / sing kok kaniaya
sadawaning dalan sing ana mung pipihan gombal ora pakra
kanggo sumpel kupinge jaran lan / kacamata ireng jebul ora tembus panyawang...!!!
SIKAT... !!! GASAK... !!! SRUDUK...!!! MAJUUU...!!! ASU...!!!!
kotabumi, 10 mei 2014. Dyah Sekartadji.

Kritik yang sangat keras di atas tidak terlalu terasa ketika dituangkan dalam bahasa ibu (bahasa Jawa) karena bahasa ibu penuh dengan perasaan dan ketika ia digunakan untuk mengkritik pun suasana cinta menyelimuti kritik tersebut. Dari sini diiippperoleh data bahwa bahasa ibu adalah bahasa cinta, bahasa rindu. Tentang rindunya Dyah Sekartadji kita dapat menikmati geguritan yang beraneka versi. Dalam mengungkapkan rindu (kapang) Dyah mempunyai setidaknya lima model geguritan yang dapat disimak berikut ini :

KA P A N G (1)
lelewane langit timbreng /semu sengsem samudana samun / lelamisane mega-mega peteng /
ngrucat gumbira / mucetake pengangen / gumandhul tan bakuh talining ati
mungguhing praptamu dhuh kakang / dak pepuji dak pupus rerepan ati / watara suwe nggonku ngenteni / baya kapan silramu bali.
Gejayan, 2005. Dyah Sekartadji.

K A P A N G (2)
padhang jingglang ing awang-awang / cumlorot sasat ewoning lintang pindha damar kencana ayuta /
daksawang ana tlaga pangalembana Ing kana / kang aweh beninge banyu prewita / sing sasuwene iki dadi panjangka / dhuh tresna / bangetku kapang kepingin wujudmu sanyata
Gejayan, 2005. Dyah Sekartadji.

K A P A N G (3)
kekidungan tembang kinanthi / tigumanti siyat-siyut andudut ati / pikir sing rinakit njlarit / tembung kang tinali singset / kongang udhar / marani jlantraning kekarepaning ati / lelumban ing jagading sonya ruri / kadiparan impenku wengi iki, Yayi / nglangut pengangen saka telenge ati / dakjaluk kapangmu wingi / sing kacicir ing pinggiring sepi / ing wengi / ing lali
sauntara rembulan njlarit tansah nggemateni wengi / ngenteni tekane rahina ijen tanpa meri
Kotabumi, madya ratri. 3 Februari 2014. Dyah Sekartadji.

KAPANG-KU (4)
Dak urut dalan iki / Lire bisa'a sambang marang kapangku / Marang ngujiwate esemu / Marang liring netramu / Kang nyasapi sadawaning laku-ku /
Ing uni / Sadawaning lurung iki / Ana gumuyu ngetung lintang
Ana esem nyawang rembulan / Rerangkulan, gegandhengan / Ngumandhangke kidung katresnan
Saiki / Endahing tresna karingkus mangsa / Manising janji kapegat pesthi
Lintang-lintang padha ilang / Lan rembulan uga ngglewang / Ninggal panandhang
Ing pantog watesing lurung kapang iki / Mung ana tangis-tangis lirih
Lan impen-impen sing kalindhih / Ninggal pangrintih / Perih.
Kotabumi, madya ratri. 4 Mei 2014. Dyah Sekartadji.

LELAGON KAPANG (5)
gegambangan lelagon kapang / ngujiwat nelungake pang eseme / agganda arum mlati rinonce
ndayani lathi angucap asmane / kang rina wengi dadi impene / sauntara sumiliring angin
saya kekes pangeluse. Kotabumi, madya ratri. 4 Mei 2014. Dyah Sekartadji.

Selanjutnya pembaca saya persilahkan menikmati geguritan-geguritan di bawah ini dan silahkan mencoba memasukkan kriteria geguritan yang mana. Apakah deskritif, apakah pangudarasa atau solilokui, ataukah kritik sosial. Dalam kurikulum bahasa Indonesia 13, seluruh pembelajaran dimulai dari teks, baik teks deskriptif, eksplanatif, laporan hasil observasi, prosedur kompleks, anekdot, cerita pendek, pantun, dan seterusnya. Kiranya hal ini pun bisa juga diterapkan dalam bahasa ibu (bahasa Jawa), sehingga bahasa ibu (bahasa Jawa) pun bisa berkembang sebagaimana halnya bahasa Indonesia. Marilah kita nikmati geguritan berikut ini dan masuk kategori mana ?

PANGGRESAH (1)
Jroning panggresah / Nratab pikir nutuh pangangen-angen
Sumendhal sumedhot rasaning driya / Satemah mbabar lilihing rasa
Binarung kekembeng waspa / Kumrangsanging rasa / Saka gempalaning driya
Tansah ngagodha / Mbalela / Ngampah duhkita / Lungkrah raga iki dakselehake
Sayah pikir iki dakleremake / Ing dhipan tuwa njero kamarku / Winates bisa tinemu anglere turu
Nadyan, tanpa impen-impen sing wingi dakwiru.
Kotabumi, Wengi Sintru. 5 Mei 2014. Dyah Sekartadji.

PANGGRESAH (2)
rikala surup klawu nawani branange panggresah / marikelu njlumati rantase panjangka
lan sumiliring samirana / kekes rumesep saranduning angga
gandrung ririh nganyut jiwa / prasasat tan eling dina
ing sapinggiring tlatah manah kang perih kagurit eri / nunggoni tekane ratri
nuhoni janjine ati / tanpa ana pesthi
sauntara tinarunge ati, tumapak nglindhes katreming wengi
Kotabumi, Lingsir sore. 12 Maret 2014. Dyah Sekartadji.

S E P A
kepengin rasane bisa mumbul ana ing tawang / kekitrang / sinentor angin sungsang
ngluwar sakehing rerenggan / kumleyang tanpa sanggan / bisa ngrangeh kumrelipe lintang
bisa nggrayang eseme rembulan / sing biyen nate aweh pepadhang / ing kalane kapang
eman sing kasisa mung kari remukane ambegan / sing nyoba ngunjal sakehing panandang
lan sengklehe pang-pang gegayuhan / kang rutuh katendhang / warayang
kotabumi, madya ratri. 2 Mei 2014. Dyah Sekartadji.

L U N G S E
Ngajab sumilire angin sore / Ngronce impen ngawe-awe
Sanadyan ta crita lawas wus saya lungse / Perih tan ana pedhote
Kotabumi, lingsir sore. 29 April 2014. Dyah Sekartadji.

KIDUNG WENGI
Langgam kinanthi mung kirim janji / tumiyupe angin wengi
asmaradana isih semaya / sanadyan wus ngegla-ngegla
tembang pocung layung-layung / geneya saya temlawung
ndhodog korine wengi, nyawang ati nggurit sepi.
Kotabumi, madya ratri. 29 April 2014. Dyah Sekartadji.

REMBULAN PANGLONG
Wis ta kakang / Suda lan kandhegana
Crita muspra kang kok tembangake jroning impenku
yen mung tembang resep samangsa liwat / Lan gawe sureming panyawang mripat
Kaca wewatesing kahanan / Antaraning impen lan kasunyatan
Padha dene adoh lan nuwuhake pisatronan / kendhang ing madyaning karingkihan
Rembulan panglong / Kawistara celong / Nglawu pandulu / Atiku rempu
Kotabumi, madya ratri. 28 April 2014. Dyah Sekartadji.

JA N J I
janji kang kinucap / lir duwure gunung / lan luase samodra kang biru
sliramu marang aku / lathimu dadi sirep / nilep panyawang netra
kagawa janji kang mijil / kelem ing kasunyatan
rina tumeka / wengi gumanti / dawa ngalela / ora beda
Jebul kabeh janji, amung ngimpi
Kotabumi, madya ratri. 28 April 2014. Dyah Sekartadji.

P U P U S
Dak sampirake pangarep-arep kebak wewayangmu / Ngupiya nylamur pangeling-eling ngegla ing dhadha / Rasa sepi lan kalunta / Kang wis ora geduga rinengga lara
Mabura / Sakombule langit / Slulupa / Sadedeg telenging samodra
Lepasa / Sakjembare ara-ara / Sagungliwunge wanawasa / Dimen ilang sakehing duhkita.
Kotabumi, madya ratri. 28 April 2014. Dyah Sekartadji.

REMBULAN
oalah, jebule rembulan kuwi wus panglong / awit praupane wus katon celong
ginapit dening kumrelipe lintang / kairing mega-mega malang
runtung-runtung njangkah mecaki tawang / ati kiyi kapang
lelumban ing kumandhanging katresnan / mesem ing edhuming swara pangeman
lerem ing weninge warih kaswargan / dhuh ati / gawa'a aku ing jagading lali
rembulan njedhul saka waliking mendhung / bali lelayaran ing langit tumlawung.
Kotabumi, madya ratri. 27 April 2014. Dyah Sekartadji.

WISA HAWA
wisa hawa ngracuni atimu / wisa hawa wusana ngremuk atiku
srengenge bunder isih dadi pitakonan / rembulan ijen malah dadi rasanan
apa lintang-lintang kae ora ngerti ing kasetyan...?
wisa hawa sumawur ing jagadmu / wisa hawa wekasan kolu kontal ing jagadku
sangsaya lampah laku aboting nandhang ati rengu / duhkita babar dadi tangising tresna
rinegem ing eri-eri mangu. Top of Form
22 April 2014. Dyah Sekartadji.

KANGEN
Dak suwek wingiting wengi / Dak luru suwunge ati
Hmm... / Tintrim rinasa ngrerujit / Mulasara kangen iki / Kangenmu /
Kotabumi, madya ratri. 12 April 2014. Dyah Sekartadji.

NGANAM RASA
Layung wus luluh / Gurit wus lungse
Nganam rasa / Njumputi trisna sing kacicir lan
Angen sing kelem ing kasunyatan / Endah nadyan suwung
Sabab impen isih merdika / Sepi sing kumlawut ing wengi
Sepi kang mungkus ati / Sekardhadhu kangen sliramu / Rasa kapang diulu /
Kotabumi, madya ratri. 11 April 2014. Dyah Sekartadji.

N E N D R A
Pangename rasa / Tuwuh mbabar cepaka mulya
Ndedel akasa / Ninggal ati njarem nelangsa
Mara / Sanja / Amburu lena / Anungka yitna / Nendra
Kotabumi, madya ratri. 8 April 2014. Dyah Sekartadji.

L U H
rembulan kae / mendahneya jero ngawiyate / kasilep ana sawalike mendhung
kebak dening pangamun-amun / kapang kang dakanam
ing amping gigire jurang atiku / wis kebacut nglumut / dening luh kang kutah
wujud getih kang ora abang / kebak panandang
kamangka isih durung rampung anggonku / natah rerangken prasasti tresnamu, Yayi
kotabumi, 7 April 2014. Dyah Sekartadji.

EMBAN KENCANA
pangangenku gremet-gremet lumaku / ing endah warnane gegayuhan ginadhuh
ing sumrebak gandane mlati / kang tumungkul mendem donga asmara
mapag mangsa wohing janji wenang diundhuh / emban kencana
kumelap ngrengga driji sing kiwa / minangka tandha / kembaring rasa
sumarahe jiwa raga lan tresna / katur ndika
Semana, 2005. Dyah Sekartadji.

ASMARADANA
wis ilang watese, kang / guritku lan guritmu wis manjing ing rerakiting ukara
nalika gatra mbaka gatra / kojah ngidungake sekar asmaradana
apa wis kok pasangke rembulan ing tawang kita / dimen petenging wengi ora meneh dadi memala
lan lintang-lintang bisa lelangen maesi mega / apa wis kok kemuli hyang bagaskara
dimen katrem anggone nendra / dimen lali nyunari marcapada / lan wengi iki umure dawa
wengi-wengi lan sliramu / sengsem anggonku.......
kotabumi, madya ratri. 1 April 2014. Dyah Sekartadji.

Kakang Mantri / Aku Ъϊśå misah cahyane geni saka panase
Aku Ъϊśå misah banyu klawan adheme / Nyawa lan ragaku uga Ъϊśå tak pisahake
Aku uga Ъϊśå ninggal wewayanganku / Aku Ъϊśå misah Ω̶ apä wae
Kang ana ing alame manungsa Ω apa dene kang ana ing alame para dewa
Ananging kakang / Aku ora Ъϊśå pisah klawan sliramu
29 Maret 2014. Dyah Sekartadji.

W U Y U N G
tumapak ing awang-awang / anglangut tanpa dunung / sasar kurang nalar / nut ilining sedya / golek pangarem-arem lajering ati / ngreridhu tentreming driya / sinandhing jatmika puja
miluta memalat sih / ngrerepa ngarih-arih / tinukup teteping ati / linarut kledhange wengi
ngalumpruk tanpa daya / kataman ing asmara
Kotabumi, 15 maret 2014. Dyah Sekartadji.

ELEGI SORE
ati mosik / golak-galik / kebrongot mramong sepa / latu panalangsa / ngobong langit werna jingga
pangimpenku ilang kasilep ing / walik angslupe surya /.
Kotabumi, Lingsir sore. 12 Maret 2014. Dyah Sekartadji.

GURIT IKI
gurit iki / pangudarasaku marang wengi / sing kebacut anggone nguja sepi
gurit iki / pangundhamanaku marang angen
kang pijer nggetuni tangan / sing durung gaduk ngrentengi lintang
ngranggeh rembulan / papan jujugane tangan kamulyan / gurit iki / tuwuh ing antarane gebyaring lintang pengarep-arep / sawise tetaunan kandheg ana rasa lan lelamunan
Gejayan, 2005. Dyah Sekartadji.

KIDUNG PALASTRA
Raga wus wiwit ringkih / Kinrikitan ilining mangsa
Was-was ngrengga jroning rasa / Getun keduwung tansah ngagodha
karana nglenggana nyangga aboting dosa / Kuciwa rumangsa durung bisa ngukir harjaning suksma
Kaselak pralambang lon-lonan paring tengara / Mawa maneka warna tandha kang nyata
Lingsiring yuswa / Gusti,,,ing ngendi dunung-MU sayekti
Ing pasepen kori sinandhi. 10 Maret 2014. Dyah Sekartadji.

ELEGI WENGI
Kinanthi kidung lir gumanti / Ngaru-ara sauruting rumambate angin
Ngaras reroncening ati / Nitih nam-naming batin
Kang ginubel ing / Jembaring pangangen-angen
Nyuntak impen-impen / Nganam rasa lawan ganthilaning sukma
Dimen biruning langit atiku / Bisa dakgambari manising esemu
Bareng kumrosaking swara wit-witan / Keterak angin lelaku
Kotabumi, Madya ratri. 10 Maret 2014. Dyah Sekartadji.

CUTHEL
dakungkuri pereng wektu mawa panggresah / kareben ta gurit-gurit gumlasah sebah
nyatane sumiliring angin ora kuwawa / nitir gegadhangan kebak panjangka
dakungkuri pereng napas kebak kapang / nyatane ati iki mung keplatrang, kebimbang
kaya dene ngoyok rembulan kerahinan / ing pucuke tawang
kanyatan wus lumaku adoh, kang / kanyatan wus lumaku adoh
nyatane sumiliring angin mung kuwawa / nggambar patemon sing ginaris ing lembar nostalgia
apa isih ana sing saguh cawis klasa gelaran / papan mirunggan kanggo ngrembug biruning tawang
kang setya nyimpen sewu pepadhang / nglaras ngrangine langgam panguripan...?
kotabumi, 29 mei 2014. Dyah Sekartadji.

BALI ELING ALAM
Kula namung petani / Lemah sawah kula openi / Kanggo cukupe urip sakbrayat sami
Nganti kapan ndika ngrusak alam? / Nganti kapan wit-witan ndika tebangi?
Nganti kapan kewan-kewan ndika pateni? / Nganti kapan gunung-gunung ndika tambangi?
Rina-wengi pengin kula ndika bali / Bali eling alam / Bali eling alam / Bali eling alam
Jonegoro, 8 Mei 2014. Arieyoko.

GURIT KANJENG IBU
Ibuku kang kinasih / kinasihan cahyane Gusti / dadi swargane getih kang terus / mblabar ing plataraning : atiku / Ibuku sing mondhong berkah rahayuku, / rahayuning jagad gedhe lan jagad cilikku, / dadiyo banyu mili linambaran / uripku lan uripmu
Ibuku lan Bapakku / dadiyo Gusti Allah katon / ing pucuk'e lelakuku
lan kabeh pandongaku. Ibuku, / punjer'e dalan / kaswarganku
Jonegoro, 030114. Arieyoko.

GURIT DINA SETU
Iki dina Setu wayahmu bali mring atiku / kaya janjine Kalinyamat karo Pangeran
Hadirin rikala pegat nyawa ing kali / Kembang Sore. Kae
Nganti wengi ora ana wewayanganmu / kumlebat teka. Pojok desa isih garing
angine semriwing tanpa gandha tanpa / rupa
Sapa sing nyandhet tekamu ing dina / Setu ? Apa wis mlipir atimu ?
Sapa sing isa nentremke gronjalanne / nyawaku kang wis semampir kiwir-kiwir tanda daya tanpa suksma / Guritku dina Setu / muspra digiles cathu / kang arerindu
Jonegoro, 280913. Arieyoko.

GURIT KEMBANG SORE
Yen kudhu'ne awak'e dewe / ngurut playune srengenge, / ayo enggal tata-tata aja
padha nggugu karep'e dewe / Yen kudhu'ne atimu sumeleh / mring umur kang kemlebat
banther kaya lakune angin, / ayo padha sujud nrimo ing / pandhum'e urip
tak gambar ayang-ayangku / ana gisik ing kali kembang sore / gegandhengan anslupe srengenge
Jonegoro, 190514. Arieyoko

Simpulan
Dari hasil analisis dapat disimpulkan bahwa face book mampu menjadi alat atau sarana pemertahanan bahasa ibu dengan bentuk mengunggah status dalam bahasa ibu (bahasa Jawa) yang berupa curahan hati, solilukui, deskripsi, eksposisi, dan seterusnya dalam bahasa sastra (geguritan). Makin banyak yang mengunggah status dalam bahasa ibu makin dapat dipastikan bahwa kelangsungan hidup bahasa ibu dapat terus dipertahankan sepanjang zaman. Demikian juga, makin banyak yang membaca atau menangkap makna status dalam bahasa ibu dapat juga menjadi indikator bahwa bahasa ibu masih hidup dan bahkan tidak tertinggal oleh perkembangan zaman. Dalam hal ini peran pemerintah daerah wajib mengembangkan, membina, dan melindungi bahasa dan sastra daerah agar tetap memenuhi kedudukan dan fungsinya dalam kehidupan bermasyarakat sesuai dengan perkembangan zaman dan agar tetap menjadi bagian dari kekayaan budaya Indonesia ( pasal 42 UU RI nomor 24 Tahun 2009).


Daftar Pustaka
Kadarisman, A. Effendi. 2007. Dari Etnopuitika ke Linguistik : Menampilkan Potret Lain Bahasa Jawa. Dalam PELBBA 18. Jakarta : PKBB Unika Atmajaya.
Pusat Bahasa. 2010. UU RI nomor 24 Tahun 2009.
Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka. 2005. Kamus Jawa Indonesia Krama Ngoko. Jakarta : Yayasan Paramalingua.
Sudaryanto. 1994. Pemanfaatan Potensi Bahasa. Yogyakarta : Gajah Mada UP.
Sudaryanto, Pranowo. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: BP Kongres Basa Jawa.
Biodata Penulis
Dr. Hj. Esti Ismawati, M.Pd. bekerja di Universitas Widya Dharma Klaten sebagai dosen PNS sejak 1986. Beberapa buku di bidang pengajaran bahasa dan sastra telah ditulisnya. Beberapa penelitiannya didanai DP2M Dikti. No telephon no 0272 323806. HP 08156860336. Pos el ibu_esti@yahoo.co.id gampang-prawoto.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar