Sabtu, 15 Juni 2013

PIDIO "Seruling Sunda"

gampang-prawoto.blogspot.com


SULING SUNDA

Swaramu.....

daklari saka pangrunguku
dakrungu ngelik-ngelik, sumilir
barengi angin kang nresep sajiwa

sliramu ana ing ngendi.....
dakluru sajroning rasa
rasa sing wis bacut pait
ngupadi swara ayu

katresnan iki ming lair
apa trusing batin
geneya jrononing rasaku
tansah teles kang aran kangen

kangenku bakal daksuntak
ing tanah priyangan
balung janur
anggonku branta, muga
antuk usada.


Bojonegoro, 22062013




https://www.facebook.com/photo.php?v=623003351052897&l=191395335164205310

Tidak ada komentar:

Posting Komentar