Sabtu, 28 Agustus 2010

Gurit: Gampang Prawoto

 http://gampang prawoto.blogspot.com//















 
SWARA BEDHUG

Ing sisih kulon
ngegla cahya mbranang
surup, candikala
ngeterake rina lan mapag wengi

saka wetan
dakrungu swara bedhug
kang miyak watese ati lan ati
gilir gumanti
silir-silir …
swara adhan…mbuka rasa
sanalika,
gawe gumregahe ati kang rengka tetaunan
ngliwati dina-dina kang sepa
kebak panggodha,

dakpungkasi kamurkaning uler-uler
kang ngrangsang ijo gegodhongan
jroning alas jati kang kebak wewadi

ing wulan pasa
dosa dosaku kinapura
ing sasi kang suci
dosaku lebur dening pangastuti

mungkasi panelangsane
enthung gumantung nglantung
tirakat
sadurunge mbabar elar wujud kupu
kekitrang miyak jembare awang-awang
ing dinten riyadi

Pejambon, 12082010



REMBESING BUN ATI

jinejere lembaran dluwang wingi
dinamu kepungkur wus bacut nyuwek ati
dadi bon girik, nyaur kudune
yogene
ming sacuwil layang
lembar setangkep nunut ibere dara
gambar bedhug sajagrage sinerat
“sugeng riyadi”
dadi panebuse

ora cukup,
yen mung parsel pitukone
buntelan “uteg” jamuren
kalengan-kalengan “ati” kang neyeng
cemilan “ilat” gurih borakan
gendulan sirup “rasa” gula semu madu
sajroning kranjang gedhe nglumpuk
“dosa-dosa” kadaluwarsa, nylempit ukara
ukara ngemu formalin, tinata jinejer pada
rinakit gurit “nyuwun pangapura”

jembare jagad ginelare urip
sadawane pikir sajroning rasa
kebacut sigar rowahraweh saka
ketiga dawaning ati, kebak sundukane
yogene
“lamun niat sesuci padasane sing kudu mara nggoleki”
ming bun-bun “idul fitri” kang mrembes
nelesi rasa rosaning qolbu, ngebaki jiwa jiwangga
aking
“wudlumu”
lumuber “pangapura” marang sapadha
banjire “pangampunan” saka Gusti kang maha kuasa.

Pejambon, 091007

Tidak ada komentar:

Posting Komentar